Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Marakaké Keluarga Bubrah utawa Malah Ayem Tentrem?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Marakaké Keluarga Bubrah utawa Malah Ayem Tentrem?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya bèn saben keluarga ayem tentrem. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni Gusti Allah, sing nggawé keluarga. (Purwaning Dumadi 2:​21-​24; Éfesus 3:​14, 15) Ing Alkitab, ana pathokané Gusti Allah sing mbantu kabèh wong sakdonya supaya urip bebojoané seneng lan ayem tentrem.

Seksi-Seksi Yéhuwah Marakaké Keluarga Ayem Tentrem

 Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo tuntunané Alkitab, merga kuwi isa mbantu supaya dadi bojo lan wong tuwa sing luwih apik. (Wulang Bebasan 31:10-​31; Éfesus 5:22–​6:4; 1 Timotéus 5:8) Tuntunané Alkitab uga mbantu keluarga-keluarga sing bojoné béda agama. (1 Pétrus 3:​1, 2) Coba pikirna apa sing dikandhakaké wong sing dudu Seksi bab bojoné sing dadi Seksi-Seksi Yéhuwah:

  •   ”Enem taun wiwit mantèn anyar, keluargaku kebak masalah lan kerep padu. Sakwisé Ivete dadi Seksi-Seksi Yéhuwah, dhèwèké dadi luwih tresna lan sabar. Merga sipaté bojoku dadi luwih apik, aku lan bojoku dadi tetep rukun.”​—Clauir, saka Brasil.

  •   ”Aku ora seneng wektu bojoku, Chansa, sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku wedi nèk keluargaku dadi bubrah merga kuwi. Ning, nyatané Alkitab bisa mbantu keluargaku dadi saya rukun.”​—Agness, saka Zambia.

 Wektu nginjil, Seksi-Seksi Yéhuwah nerangaké marang wong-wong nèk Alkitab bisa mbantu

Apa pindhah agama marakaké urip bebojoan dadi ora rukun?

 Kadhang kala bisa. Contoné, wektu taun 1998 ana laporan saka Sofres, lembaga sing nliti bab urip bebojoan. Lembaga kuwi nglaporké nèk 1 saka 20 keluarga sing bojoné dadi Seksi ngadhepi masalah sing sérius ing urip bebojoané.

 Yésus wis ngandhani sakdurungé nèk sing manut karo wulangané, mesthi bakal dimungsuhi keluargané. (Matéus 10:32-​36) Miturut Will Durant, ahli sejarah, ”Agama Kristen ditudhuh nggawé keluarga bubrah”, a ing jaman pamréntahan Romawi. Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah uga ditudhuh kaya ngono. Apa iki tegesé Seksi-Seksi Yéhuwah sing nggawé masalah?

Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia

 Wektu nggawé putusan bab masalah tudhuhan kuwi, Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia kandha nèk sing kerep nggawé masalah kuwi anggota keluarga sing dudu Seksi, merga ora gelem ”nampa lan ngajèni keluargané wektu milih lan ngetrapaké agamané”. Mahkamah kuwi nambahi, ”Kahanan iki wis biyasa diadhepi keluarga sing bojoné béda agama, klebu Seksi-Seksi Yéhuwah.” b Senajan ngadhepi tumindak sing ora adil, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep manut tuntunané Alkitab, ’Aja mbales ala marang wong kang gawé piala. . . Sabisa-bisa yèn pancèn gumantung marang kowé, rukuna karo wong kabèh.’​—Rum 12:17, 18.

Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nikah mung karo sing padha-padha Seksi Yéhuwah?

 Seksi Yéhuwah manut karo tuntunané Alkitab, yaiku nikah mung karo sing sak agama, tegesé sing padha-padha Seksi Yéhuwah. (1 Korinta 7:​39) Tuntunan iki dhasaré Alkitab lan ana paédahé. Contoné, ing taun 2010 Journal of Marriage and Family kandha nèk ”wong bebojoan sing agama lan kapercayané padha” biyasané hubungané luwih apik. c

 Nanging, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngongkon anggotané supaya pisah karo bojoné sing dudu Seksi. Alkitab kandha, ”Yèn ana sedulur duwé somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku. Lan wong wadon manawa duwé bojo kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat kang lanang iku.” (1 Korinta 7:​12, 13) Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo préntahé Alkitab iki.

a Deloken Caesar and Christ, kaca 647.

b Deloken putusan kasus Saksi-Saksi Yehuwa Moskwa dan Yang Lainnya vs Rusia, kaca 26-​27, paragraf 111.

c Deloken Journal of Marriage and Family, Jilid 72, Nomer 4, (Agustus 2010), kaca 963.