Langsung mlebu

Nduduhké Rasa Sayang Liwat Omongan

Nduduhké Rasa Sayang Liwat Omongan

 Ong-Li kuwi salah siji Seksi Yéhuwah ing Bulgaria. Dhèwèké mbantu wong wédok sing jenengé Zlatka kanggo sinau Alkitab. Ning, bojoné Zlatka durung gelem sinau Alkitab. Ong-Li ngomong, ”Wektu mbahas soal keluarga, aku njelaské nèk nduduhké rasa sayang karo bojo lan anak liwat omongan kuwi penting. Zlatka langsung ngrasa sedhih. Dhèwèké crita nèk dhèwèké ora tau ngomong sayang karo bojo lan anaké wédok sing umuré 9 taun.”

 Zlatka ngomong, ”Aku sayang karo keluargaku, ning aku ora isa nduduhké kuwi liwat omongan. Ibuku ora tau ngomong nèk dhèwèké sayang karo aku, terus mbahku ya ora tau ngomong ngono karo ibuku.” Ong-Li nduduhké saka Alkitab nèk Yéhuwah mènèhi conto sing apik soal kuwi. Yéhuwah ngomong langsung nèk Dhèwèké sayang karo Yésus. (Matius 3:​17) Terus, Ong-Li ngandhani Zlatka bèn ndongakké soal iki lan ngupaya ngomong sayang karo bojo lan anaké.

 Ong-Li crita, ”Rong dina sakwisé kuwi, Zlatka ngomong nèk dhèwèké wis ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Wektu bojoné mulih, Zlatka ngomong karo bojoné nèk sakwisé sinau Alkitab, dhèwèké dadi ngerti nèk wong wédok kudu ngajèni lan sayang karo bojoné. Bar kuwi, Zlatka ngomong nèk dhèwèké sayang karo bojoné. Terus, wektu anaké wédok mulih, Zlatka meluk anaké lan ngomong nèk dhèwèké sayang karo anaké. Zlatka ngomong karo aku, ’Saiki aku lega banget. Wis suwé aku ora isa ngungkapké perasaanku, ning merga bantuané Yéhuwah, aku akhiré isa ngomong nèk aku sayang keluargaku.’”

Ong-Li terus nawakké sinau Alkitab marang wong-wong ing sekitaré

 Ong-Li ngomong, ”Seminggu sakwisé kuwi, aku ketemu bojoné Zlatka. Dhèwèké ngomong, ’Akèh sing nglarang Zlatka sinau Alkitab, ning saiki aku ngerti nèk kuwi ana manfaaté kanggo keluargaku. Aku karo bojoku dadi luwih akrab lan luwih bahagia.’”