Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

Anggepan sing salah

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora Natalan merga ora percaya Yésus.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong Kristen lan percaya yèn Yésus sing bakal nylametaké manungsa.—Para Rasul 4:12.

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé keluarga ora rukun merga mulang supaya ora Natalan.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah perduli banget karo keluarga lan nggunakaké tuntunané Alkitab supaya keluarga ayem tentrem.

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora bisa ngrasakaké ”semangat Natal” yaiku seneng mènèhi, ngupaya karukunan, lan apikan karo kabèh wong.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mènèhi lan ngupaya karukunan saben dina. (Wulang Bebasan 11:25; Rum 12:18) Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah nindakaké dhawuhé Yésus, ”Kowé padha nampani kanthi lelahanan [tanpa mbayar], mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.” Kuwi nyata ing pakumpulan lan kagiyatan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah. (Matéus 10:8) Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn mung Kratoné Gusti Allah sing bisa mujudaké karukunan ing bumi.—Matéus 10:7.

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

  •   Yésus mréntahaké muridé supaya mèngeti dina sédané, dudu dina lairé.—Lukas 22:19, 20.

  •   Para rasul lan muridé Yésus abad kapisan ora Natalan. New Catholic Encyclopedia kandha yèn ”dina lair kuwi mulai dirayakaké kira-kira taun 243 M”, luwih saka 100 taun sakwisé rasul sing kèri dhéwé mati.

  •   Ora ana bukti yèn Yésus lair tanggal 25 Desember, tanggal lairé ora dicathet ing Alkitab.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Natalan kuwi ora disenengi Gusti Allah, merga asalé saka agama lan kabiyasaan kapir.—2 Korinta 6:17.

Apa sebabé Natal dadi perkara?

 Akèh sing tetep Natalan senajan ngerti yèn kuwi asalé saka agama kapir lan ora ana ing Alkitab. Wong-wong kuwi kuduné mikir: Apa sebabé wong Kristen kuduné ora Natalan? Ngapa kuwi dadi perkara?

 Alkitab kandha supaya awaké dhéwé nggunakaké ”nalar”. (Rum 12:1, 2, Terjemahan Dunia Baru) Kuwi mulang awaké dhéwé supaya ngajèni ajaran sing bener. (Yokanan 4:23, 24) Ketimbang mikir anggepané wong, Seksi-Seksi Yéhuwah milih nindakaké pathokané Alkitab senajan dianggep ora lumrah.

 Senajan ora Natalan, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni wong sing Natalan. Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngganggu wong sing lagi Natalan.