Langsung mlebu

Kampanye sing Suksès ing Lapland

Kampanye sing Suksès ing Lapland

Ing dhaérah sing luas saka Finlandia, Norwegia, lan Swedia ana wong-wong Saami. Wong-wong asli sing nduwé budaya, tradhisi, lan basa dhéwé. Durung suwé iki, Seksi Yéhuwah nggunakké rong cara kanggo martakké kabar apik marang wong-wong Saami.

Sing kapisan, ing musim gugur taun 2015, Seksi Yéhuwah nggawé publikasi lan video ing basa Saami. * Sing kapindho, wektu kampanye khusus ing taun 2016 lan taun 2017, Seksi-Seksi Yéhuwah lunga menyang Lapland kanggo mbagi hasil terjemahané kanggo wong Saami. Ana akèh rusa kutub ing dhaérah terpencil iki.

”Gawéan sing berharga kanggo masyarakat”

Wektu kampanye khusus ing sasi Mei 2017, luwih saka 200 Seksi Yéhuwah saka Finlandia, Norwegia, lan Swedia lila lunga menyang désa-désa sing ana ing Lapland. Ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing sinau kalimat sapaan ing basa Saami. Kuwi nggawé wong Saami nggumun. Denis sing dadi rélawan ing Karigasniemi kandha, ”Penduduk setempat seneng banget karo upayané para Seksi kanggo sinau basa Saami lan wong-wong Saami ngrasakké minat sing tulus saka para Seksi.”

Wong Saami kuwi penyayang alam lan kéwan-kéwan liar, mula seneng banget wektu dikandhani janji bab firdaus ing bumi saka Alkitab. (Jabur 37:11) Contoné, ana wong wédok Saami sing mulai sinau Alkitab nggunakké brosur Kabar Apik saka Gusti Allah!. Wektu sinau kersané Gusti Allah kanggo manungsa, dhèwèké bingung kenapa rohaniwané ora tau ngandhani bab firdaus ing bumi.

Akèh sing maturnuwun merga dikunjungi para Seksi. Ana wong lanang sing nduwé toko nggatèkké lan ngalem loro Seksi Yéhuwah. Dhèwèké kandha nèk sing ditindakké para Seksi kuwi ”gawéan sing penting lan berharga kanggo masyarakat”. Dhèwèké ngundang Seksi kuwi menyang tokoné lan ngongkon njupuk panganan apa waé sing dibutuhké, lan wong lanang kuwi ora gelem dibayar.

Wektu kampanye, wong-wong Saami wis nonton kira-kira 180 video lan nampa luwih saka 500 publikasi. Kerep-kerepé, wong-wong kuwi padha njaluk kabèh publikasi sing ana ing basané. Malah, ana 14 wong Saami sing mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

”Gawéané wong-wong sing ahli”

Akèh wong Saami sing maca publikasiné Seksi Yéhuwah ngalem nèk terjemahané apik. Nilla Tapiola sing dadi guru sekolah lan anggota Dewan Eksekutif Parlemen Saami kandha, ”Terjemahan publikasi-publikasimu apik banget, gampang diwaca, lan tata bahasané apik”. Ana wong lanang Saami sing manggon ing dhaérah Finlandia sisih lor kandha, ”Iki gawéané wong-wong sing ahli.”

Ing Karigasniemi, ing perbatasan antarané Finlandia lan Norwegia, para Seksi ngrembug bab siji saka brosur Kabar Apik saka Gusti Allah! karo salah siji guru ing Saami. Merga nggumun karo terjemahané sing apik, guru iki njaluk ijin karo para Seksi kanggo nggunakké brosur kuwi ing sekolahan kanggo pelajaran basa Saami.

Ana video-video lan selebaran-selebaran uga ana siji brosur sing wis diterjemahké ing basa Saami. Situs jw.org wis ana ing basa Saami mulai tanggal 29 Februari 2016. Saben sasi, wong Saami mbukak situs iki luwih saka ping 400 lan download kira-kira 350 buku, audio, lan video.

Wong-wong Saami lan para rélawan ngrasa seneng merga ana kampanye iki. Henrick lan Hilja-Maria sing lunga tekan Utsjoki kandha, wong-wong Saami ”dadi ngerti nèk Alkitab isa mbantu wong-wong Saami ing akèh bab”. Lauri lan Inga sing uga ing Utsjoki kandha, ”Kampanye iki ngélingké aku nèk Gusti Allah kuwi adil. Aku kabèh seneng isa nduduhké nèk Gusti Allah nresnani wong-wong ing dhaérah terpencil iki.”

^ par. 3 Basa Saami (utawa Sami) kuwi ana akèh. Ing Encyclopædia Britannica ditulis ”kira-kira 60 persèn wong Saami nggunakké basa Sami Utara, iki basa sing paling akèh digunakké”. Seksi-Seksi Yéhuwah nerjemahké publikasi ing basa Saami Utara. Supaya luwih gampang, artikel iki nggunakké kata ”Saami” maksudé basa Sami Utara.