Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Jeneng Bèlsyazar ana ing silinder tanah liat (Iki ukuran asliné)

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa buktiné nèk Bèlsyazar kuwi pancèn ana lan tau dadi raja?

MBIYÈN, para kritikus Alkitab ngomong nèk Raja Bèlsyazar sing disebutké ing buku Danièl kuwi ora tau ana. (Dn. 5:1) Wong-wong kuwi mikir kaya ngono merga para peneliti ora isa mbuktèkké nèk Raja Bèlsyazar kuwi ana. Ing taun 1854, pandhangan kuwi berubah. Apa sebabé?

Ing taun kuwi, duta besar Inggris sing jenengé J. G. Taylor nganakké penggalian ing antarané puing-puing sing ana ing kutha Ur kuno, sebelah selatané Irak. Dhèwèké nemokké silinder-silinder tanah liat ing salah siji menara gedhé ing kono. Silinder-silinder sing dawané 10 cm kuwi ana tulisané. Ana salah siji silinder sing nyebutké donga kanggo Raja Nabonidus lan anaké lanang sing paling tuwa, yaiku Bèlsyazar. Bukti iki kuduné nggawé para kritikus percaya nèk Bèlsyazar kuwi pancèn ana.

Alkitab ora mung ngomong nèk Bèlsyazar kuwi pancèn ana. Alkitab ya ngomong nèk Bèlsyazar tau dadi raja. Ning, para kritikus tetep ora percaya soal kuwi. Contoné, kira-kira taun 1875, ilmuwan saka Inggris sing jenengé William Talbot ngomong nèk ana sing nduwé pendapat nèk ”Bel-sar-ussur [Bèlsyazar] mréntah bareng karo bapaké, yaiku Nabonidus. Ning, ora ana bukti sing kuwat kanggo mbuktèkké kuwi”.

Akhiré, kuwi kejawab. Ana silinder liya sing nyebutké nèk wektu kuwi bapaké Bèlsyazar, yaiku Raja Nabonidus, lagi lunga ing negara liya kanggo pirang-pirang taun. Terus, sapa sing mréntah wektu Raja Nabonidus lunga? Encyclopaedia Britannica nyebutké nèk ”wektu Nabonidus lunga ing negara liya, dhèwèké ngongkon Bèlsyazar nggentèni dhèwèké mréntah lan masrahké prajurité karo Bèlsyazar”. Dadi, wektu kuwi, Bèlsyazar mréntah dadi raja ing Babilon kanggo nggentèni bapaké. Mula, peneliti lan ahli bahasa sing jenengé Allan Millard ngomong nèk katrangan ing buku Danièl sing nyebutké nèk Bèlsyazar kuwi ’raja’ pancèn bener.

Ning, umaté Gusti Allah wis ngerti soal kuwi merga Alkitab wis mènèhi bukti nèk buku Danièl kuwi isa dipercaya lan asalé saka Gusti Allah.​—2 Tim. 3:16.