Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | APA SEBABÉ JUJUR?

Paédahé Nèk Jujur

Paédahé Nèk Jujur

”Aku padha mesthèkaké, manawa aku padha duwé rumangsaning ati kang becik, amarga aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama [jujur, Terjemahan Dunia Baru].”​—Ibrani 13:18.

Ing Alkitab, tembung Ibrani sing diterjemahké ”jujur” ana hubungané karo ”bab sing becik”. Kuwi uga maksudé tumindak sing becik.

Para muridé Yésus nggatèkké tenanan kandhané rasul Paulus, ”Aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama.” Apa maksudé?

KUDU NGUPAYA

Biasané wong ngilo sakdurungé metu saka omah. Apa sebabé? Merga péngin kétok nggantheng utawa ayu. Sakjané sing paling penting dudu masalah potongan rambut utawa klambiné. Sing penting kuwi sing ana ing njero ati, merga ana pengaruhé karo njabané.

Alkitab ngakoni nèk manungsa kuwi senengé nindakké sing salah. Purwaning Dumadi 8:21 kandha, ”Saobah-osiking atiné manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula.” Dadi, bèn isa jujur, kudu ngupaya nglawan sipat dhasaré manungsa sing èlèk kèt lair. Paulus ngrembug bab upayané manungsa nglawan dosa, ”Ing batin aku ngèstokaké angger-anggeré Gusti Allah, nanging aku ngerti, yèn ing sajroning badanku uga ana angger-angger liya, sing nglawan marang angger-angger mau, sing dianut déning budiku. Angger-angger liya kuwi sing marakaké aku dierèh déning si dosa, sing ngwasani awakku.”​—Rum 7:22, 23, Basa Jawi Padintenan.

Contoné, nèk atiné awaké dhéwé péngin nindakké sing jahat lan péngin ora jujur, aja gelem manut. Awaké dhéwé isih nduwé pilihan. Nèk milih ora gelem manut sing èlèk, awaké dhéwé isa tetep jujur senajan liyané ora jujur.

MESTHI ISA DITINDAKKÉ

Bèn isa jujur, awaké dhéwé butuh aturan bab kelakuané manungsa. Ning, sayangé akèh wong mung mèlu-mèlu kebiasaané sak kiwa-tengené timbang mikir bab aturané dhéwé. Akhiré wong-wong isa jujur apa ora, kuwi mung manut kahanané. Buku The (Honest) Truth About Dishonesty kandha, ”Awaké dhéwé isa waé ngapusi utawa nindakké sing ora jujur bèn dialem jujur.” Apa ana pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti apa sing dimaksud tumindak jujur lan ora? Ana.

Akèh wong sak donya ngerti nèk pathokan kuwi ana ing Alkitab. Ing Alkitab ana aturan bab tindak-tanduké manungsa, sing ora ana ing buku liya. (Jabur 19:8) Alkitab ngekèki tuntunan bab urip bebojoan, gawéan, kelakuan, lan hubungan karo Gusti Allah. Pathokané ora tau molah-malih. Hukum lan pathokané cocog kanggo wong saka bangsa werna-werna. Nèk gelem mikirké tenanan pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa dadi jujur lan tumindak bener.

Cara nglawan tumindak sing ora jujur kuwi ora mung sinau Alkitab. Awaké dhéwé urip ing donya sing bejat, sing ngojok-ojoki bèn nindakké sing salah. Mula, awaké dhéwé perlu ndonga njaluk bantuané Gusti Allah. (Filipi 4:6, 7, 13) Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé isa terus wani nindakké sing bener lan jujur ing urip saben dinané.

BERKAHÉ NÈK JUJUR

Hitoshi, sing sakdurungé dicritakké, dicap pegawé sing jujur. Saiki, dhèwèké nyambut gawé ing kantor sing ngajèni sipat jujuré. Hitoshi kandha, ”Maturnuwun banget aku éntuk gawéan sing isa ndhukung bèn aku nduwé rasa ati sing kepénak.”

Liyané uga nduwé pengalaman sing padha. Ing kéné ana conto wong-wong sing wis ngetrapké pathokané Alkitab bab nindakké sing jujur ing urip saben dinané.

  • Rasa Ati sing Kepénak

    ”Aku ora sekolah manèh wektu umurku 13 taun, merga aku mèlu-mèlu dadi maling. 95 persèn dhuwitku kuwi hasilku nyolong. Bar kuwi, aku nduwé bojo. Aku lan bojoku mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku lan bojoku sinau nèk Yéhuwah * sengit karo tumindak ora jujur, dadi kabèh kuwi tak owahi. Taun 1990, aku lan bojoku dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.”​—Wulang Bebasan 6:16-19.

    ”Mbiyèn omahku kebak barang colongan, ning saiki barang-barang kuwi wis ora ana. Atiku krasa kepénak. Nèk ngéling-éling manèh uripku mbiyèn sing ora jujur, aku matur nuwun banget isa éntuk welas asihé Yéhuwah. Saiki aku isa turu angler merga ngerti nèk aku isa nyenengké Yéhuwah.”​—Cheryl, Irlandia.

    ”Wektu bosku ngerti nèk aku mbalèkké dhuwit sogokan, dhèwèké kandha, ’Gusti Allahmu wis nggawé kowé dadi wong jujur sing isa dipercaya. Beneran banget kowé kerja ing kéné.’ Aku isa nduwé rasa ati sing kepénak ing ngarepé Yéhuwah merga jujur ing urip saben dina. Aku mbantu keluargaku lan wong liya nindakké sing padha.”​—Soni, Hong Kong.

  • Tentrem Pikirané

    ”Aku nyambut gawé ing bank. Ing kono, wong-wong ora jujur bèn isa makmur. Tanggepané wong-wong, ’Nèk ora jujur isa nggawé wong urip mulya lan sugih, apa salahé?’ Ning, pikiranku isa tentrem merga aku jujur. Aku péngin tetep jujur senajan ana masalah. Bosku ngerti nèk aku ora bakal ngapusi dhèwèké, utawa kanggo dhèwèké.”​—Tom, Amerika Serikat.

  • Diajèni Wong

    ”Bosku ngongkon aku ngapusi bab barang sing ilang ing kantor, ning aku ora gelem. Wektu sing nyolong konangan, bosku seneng banget merga aku wis dadi wong jujur. Kudu wani tetep jujur ing donya sing ora jujur. Nèk jujur, awaké dhéwé isa diajèni wong.”​—Kaori, Jepang.

Rasa ati sing kepénak, tentrem pikirané, lan diajèni wong, kuwi paédahé nèk jujur. Bener apa ora?

^ par. 18 Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab.