Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Pas ing padhang belantara, apa bangsa Israèl mung mangan manna lan manuk puyuh?

Selama 40 taun ing padhang belantara, sing dadi makanan utamané wong Israèl kuwi manna. (Pa. 16:35) Yéhuwah ya tau ping loro ngekèki wong Israèl manuk puyuh. (Pa. 16:​12, 13; Wi. 11:31) Tapi, isih ana panganan liyané manèh sing dipangan wong Israèl.

Yéhuwah kadhang-kadhang nuntun meréka ing ”panggonan istirahat” sing ana banyu lan panganané. (Wi. 10:33) Misalé pas tekan ing Èlim, ”ana mata air 12 lan wit palem 70”. Kétoké kuwi maksudé wit kurma. (Pa. 15:27) Menurut buku Plants of the Bible, ”Wit kurma kuwi isa thukul ing endi-endi. . . . Wit kuwi buahé isa dipangan, dijupuk minyaké, lan godhongé isa dienggo iyup-iyupan.”

Wong Israèl mungkin ya tau mandheg ing dhaérah sing saiki disebut Wadi Feiran. a Menurut buku Discovering the World of the Bible, wadi utawa lembah iki ”dawané 130 kilomèter lan termasuk wadi sing paling dawa, paling apik, lan paling terkenal ing Sinai. Ing kono ya ana Oasis Feiran sing disebut Taman Èdené Sinai. Nèk saka laut kuwi jaraké kira-kira 45 kilomèter. Dawané Oasis Feiran iki 4,8 kilomèter, lan lokasiné 610 mèter di atas permukaan laut. Merga ana éwonan wit kurma, akèh wong péngin mrono.”

Wit kurma ing oasis ing Feiran

Pas metu saka Mesir, wong Israèl nggawa adonan sak wadhahé, biji-bijian, lan minyak. Ya mesthiné akhiré kuwi isa entèk. Wong Israèl ya nggawa ”akèh domba, kambing, lan sapi”. (Pa. 12:​34-39) Merga perjalanan sing adoh lan keadaan ing padhang belantara, mungkin akèh kéwan sing mati. Terus, mungkin ana sing dipangan lan ana sing didadèkké korban, termasuk kanggo déwa-déwa palsu. b (Kis. 7:​39-43) Tapi bangsa Israèl isih nduwé kéwan-kéwan. Buktiné, meréka ”dadi gembala ing padhang belantara 40 taun”. (Wi. 14:33) Kétoké, bangsa Israèl éntuk susu lan daging saka kéwan-kéwan kuwi. Tapi kuwi ora cukup kanggo wong telung yuta selama 40 taun. c

Saka endi kéwan-kéwan kuwi éntuk panganan lan banyu? d Mbiyèn ing padhang belantara mungkin luwih kerep udan, dadi tandurané luwih akèh. Ing buku Pemahaman Alkitab Jilid 1 disebutké nèk kira-kira 3.500 taun mbiyèn ”banyu ing Arab luwih akèh timbang saiki. Buktiné, ana akèh wadi utawa lembah sing jero sing mbiyèné kuwi kali”. Tapi tetep waé, padhang belantara kuwi gersang lan medèni. (PT. 8:​14-16) Nèk Yéhuwah ora nggawé mukjijat nyedhiakké banyu, bangsa Israèl lan kéwan-kéwané mesthi mati.—Pa. 15:​22-25; 17:​1-6; Wi. 20:​2, 11.

Musa ngandhani bangsa Israèl nèk Yéhuwah ngekèki manna bèn meréka ”ngerti nèk manungsa urip ora mung saka panganan waé, ning saka saben omongané Yéhuwah”.—PT. 8:3.

a Deloken Menara Pengawal 1 Mei 1992, halaman 24-25.

b Ing Alkitab disebutké nèk wong Israèl tau ngorbanké kéwan kanggo Yéhuwah ing padhang belantara ping loro. Sing pertama pas Musa nglantik para imam, lan sing keloro pas Paskah. Loro-loroné kelakon pas taun 1512 SM. Kuwi rong taun sakwisé wong Israèl metu saka Mesir.—Km. 8:14–9:24; Wi. 9:​1-5.

c Pas mèh 40 taun ing padhang belantara, bangsa Israèl éntuk atusan èwu kéwan saka jarahan perang. (Wi. 31:​32-34) Tapi, nganti tekan Tanah Perjanjian, meréka isih tetep mangan manna.—Yos. 5:​10-12.

d Yéhuwah ngomong nèk bangsa Israèl mung éntuk njupuk manna sesuai karo kebutuhan keluargané dhéwé-dhéwé. Mula, kéwan-kéwané ora mungkin dipakani manna.—Pa. 16:​15, 16.