Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nèk gelem saling ngapura, masalahé isa cepet rampung

KANGGO SUAMI ISTRI

4: Ngapura

4: Ngapura

MAKSUDÉ

Kuwi ora berarti kesalahané dianggep sepélé. Tapi kuwi berarti wis ora ngéling-éling kesalahané manèh, terus ya ora dendam.

AYAT: ”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.”​—Kolose 3:13.

”Nèk sayang tenan, sing didelok ya ora èlèké terus, tapi ya ndelok upayané dhèwèké bèn dadi luwih apik.”​—Aaron.

NGAPA KOK PENTING

Nèk ora ngapura, awaké dhéwé isa strès dhéwé lan isa waé lara. Terus hubungané suami istri dadi ora harmonis manèh.

”Bojoku tau nggawé salah karo aku, terus dhèwèké njaluk ngapura. Tapi aku ora langsung ngapura dhèwèké. Akibaté, aku karo bojoku sempet ora akur. Aku nyesel banget. Kuduné aku langsung ngapura dhèwèké.”​—Julia.

KUDU PIYÉ

PIKIRNA

Nèk lara ati merga bojoku, aku kudu mikir sik:

  • ’Apa aku terlalu sensitif?’

  • ’Isa ora nèk langsung tak apura waé?’

BAHASEN KARO BOJO

  • Biasané awaké dhéwé ora langsung ngapura merga apa?

  • Piyé carané bèn isa langsung ngapura?

SARAN

  • Aja mikir nèk bojoné njenengan sengaja nggawé salah.

  • Nèk bojoné nggawé salah, dimaklumi waé, soalé awaké dhéwé ya ”kerep nggawé salah”.​—Yakobus 3:2.

”Nèk padha-padha salah, biasané ngapurani kuwi gampang. Tapi nèk mung dhèwèké sing salah, kuwi dadi angèl. Awaké dhéwé kudu rendah hati bèn isa ngapura.”​—Kimberly.

AYAT: ”Cepet rampungna masalahmu.”​—Matius 5:25.

Nèk ora ngapura, awaké dhéwé isa strès dhéwé lan isa waé lara. Terus hubungané suami istri dadi ora harmonis