Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kaya pilot karo kopilot, suami karo istri kudu kompak lan kerja sama

KANGGO SUAMI ISTRI

2: Kerja Sama

2: Kerja Sama

MAKSUDÉ

Kaya pilot karo kopilot, suami istri kudu kerja sama. Sing diutamakké dudu kepentingané dhéwé tapi kepentingan bersama.

AYAT: ”Wong lanang lan wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji.”​—Matius 19:6.

”Nèk péngin bahagia, suami karo istri kudu padha-padha berjuang.”​—Christopher.

NGAPA KOK PENTING

Nèk suami istri mung ngutamakké kepentingané dhéwé thok, pas ana masalah biasané malah saling nyalahké. Akibaté, masalah sing cilik malah dadi saya gedhé.

”Nèk suami istri ora gelem kerja sama, pas kudu nggawé keputusan penting ora isa kompak. Padahal bèn bahagia, suami istri kudu gelem kerja sama.”​—Alexandra.

KUDU PIYÉ

PIKIRNA

  • Apa aku nganggep nèk ”dhuwitku ya dhuwitku dhéwé”?

  • Apa aku malah ora betah nèk cedhak karo bojoku?

  • Aku akrab ora karo keluargané bojoku?

BAHASEN KARO BOJO

  • Apa awaké dhéwé wis kompak? Nèk iya, pas apa?

  • Awaké dhéwé kudu luwih kompak soal apa?

  • Bèn isa luwih kompak, awaké dhéwé kudu piyé?

SARAN

  • Kaya main badminton, daripada suami istri musuhan, mendhing kerja sama dadi sak tim. Dadi, sing diserang masalahé.

  • Aja mikir piyé carané bèn njenengan sing menang, tapi pikirna piyé carané bèn wong loro sing menang nglawan masalahé.

”Aja nggolèki sapa sing bener lan sapa sing salah. Sing penting suami istri kudu rukun lan kompak.”​—Ethan.

AYAT: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:3, 4.