Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Ora Kelelahan Merga Pandemi

Carané Bèn Ora Kelelahan Merga Pandemi

 Akèh wong saiki ngrasa bosen, terus ya ora semangat merga pandemi COVID-19. Apa njenengan ya ngrasa ngono? Dr. Hans Kluge, Dirèktur Régional Organisasi Kesehatan Dunia ing Eropa ngomong, ”Sakjané wong-wong wis berusaha bèn virusé ora tambah nyebar. Tapi, suwé-suwé wong-wong padha ora nggagas manèh. Wong-wong wis kelelahan merga pandemi.”

 Nèk njenengan ya kelelahan merga pandemi, ing Alkitab ana saran-saran sing apik.

 Kelelahan merga pandemi kuwi apa?

 Kuwi dudu penyakit, tapi kuwi sing dirasakké wong-wong merga pandeminé ora rampung-rampung. Sing dirasakké wong kuwi biasané béda-béda, tapi biasané ngéné:

  •   Ora semangat

  •   Ora doyan mangan utawa malah mangan terus, lan turu terus utawa ora isa turu

  •   Gampang nesu

  •   Gampang strès

  •   Angèl fokus

  •   Putus asa

 Ngapa kok kelelahan merga pandemi kuwi bahaya?

 Kelelahan merga pandemi kuwi bahaya. Isa waé awaké dhéwé dadi ora manut karo protokol keséhatan. Awaké dhéwé dadi nyepèlèkké, padahal virusé isih ana. Terus, merga ana akèh pembatasan, isa waé ya dadi bosen lan pénginé bébas waé.

 Menurut Alkitab, ”Nèk kowé ora nduwé semangat pas ngalami kesusahan, kekuwatanmu bakal entèk.” (Wulang Bebasan 24:10) Ing Alkitab ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa tetep semangat pas pandemi.

 Piyé carané bèn ora kelelahan merga pandemi?

  •   Tetep omong-omongan meskipun ora ketemu langsung

     Ayat: ”Kanca sejati kuwi . . . dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

     Alesané: Nèk nduwé kanca, awaké dhéwé bakal semangat. (1 Tésalonika 5:11) Tapi nèk senengé dhèwèkan, awaké dhéwé bakal strès dhéwé.​—Wulang Bebasan 18:1.

     Saran: Isa videocall-an, télpon, ngirim e-mail, utawa SMS. Njenengan isa takon kabar, terus ya crita-crita apa sing lagi dirasakké. Njenengan isa mbantu kancané njenengan, termasuk ngekèki saran bèn isa tetep semangat pas pandemi. Kuwi mesthi nggawé njenengan lan kancané njenengan seneng.

  •   Tetep sibuk

     Ayat: ”Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:16.

     Alesané: Nèk tetep sibuk, isa terus semangat lan ora terlalu kuwatir.​—Lukas 12:25.

     Saran: Meskipun ora kaya mbiyèn manèh, sakjané isih ana sing isa dilakoni. Misalé, saiki mungkin dadi nduwé wektu dienggo hobiné njenengan. Terus, ya nduwé akèh wektu kanggo ngumpul karo keluarga.

  •   Nggawé jadwal

     Ayat: ”Kabèh sing ditindakké kudu . . . teratur.”​—1 Korintus 14:40.

     Alesané: Nèk kegiatané sesuai jadwal, njenengan ora bakal strès.

     Saran: Nggawéa jadwal sing cocog, misalé kanggo sekolah, kerja, lan nggarap gawéan omah, terus ya kanggo ngibadah, nginjil, lan liya-liyané. Njenengan ya isa olahraga, mlaku-mlaku, lan ngumpul karo keluarga. Nèk jadwalé berubah, ya isa disesuaikan manèh.

  •   Berusaha tetep séhat meskipun cuacané berubah

     Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya.”​—Wulang Bebasan 22:3.

     Alesané: Pas musim dingin, mungkin dadi ora ana akèh sinar matahari lan udara segar, padahal kuwi penting bèn njenengan isa tetep séhat.

     Saran: Misalé pas musim dingin, ruang tamu lan ruang kerja isa ditata manèh bèn isa éntuk luwih akèh sinar matahari. Aja ing omah terus meskipun udarané dingin. Pas ing njaba, nganggoa klambi sing tebel bèn ora kadhemen.

     Nah pas mulai musim panas, biasané wong-wong padha metu njaba. Dadi, aja ing panggonan sing ramé.

  •   Terus manut protokol keséhatan

     Ayat: ”Wong sing bodho kuwi ngawur lan terlalu percaya diri.”​—Wulang Bebasan 14:16.

     Alesané: Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa kena COVID-19.

     Saran: Terus manut karo protokol keséhatan. Kudu ngati-ati bèn ora kena virus lan ora nulari wong liya.

  •   Tetep cedhak karo Gusti Allah

     Ayat: ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”​—Yakobus 4:8.

     Alesané: Gusti Allah isa mbantu njenengan wektu lagi sedhih.​—Yésaya 41:13.

     Saran: Maca Alkitab saben dina. Njenengan isa nggunakké Jadwal Maca Alkitab.

 Njenengan isa takon karo Seksi-Seksi Yéhuwah piyé ngibadahé selama pandemi iki, terus ya isa takon piyé carané isa mèlu. Akèh-akèhé Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakké videoconference kanggo mèlu pertemuan ibadah, peringatan kematian Yésus, lan pertemuan taunan.

 Ayat-ayat sing bermanfaat

 Yésaya 30:15: ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo [Gusti Allah], kowé bakal dadi kuwat.”

 Artiné: Nèk maca naséhaté Gusti Allah sing ana ing Alkitab, njenengan isa tetep tenang meskipun ana masalah.

 Wulang Bebasan 15:15: ”Kanggoné wong sing susah, saben dina kuwi ora nyenengké, ning kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.”

 Artiné: Nèk mikirké sing apik-apik, njenengan isa tetep bahagia meskipun ana masalah.

 Wulang Bebasan 14:15: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”

 Artiné: Terus manut protokol keséhatan, lan aja nyepèlèkké.

 Yésaya 33:24: ”Wong-wong . . . kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”

 Artiné: Gusti Allah janji nèk kabèh wong bakal séhat.