Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 12

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?

Spanyol

Belarus

Hong Kong

Peru

Sadurungé séda, Yésus tau ngendika, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa. Sawisé iku lagi dina wekasan.” (Matéus 24:14) Kepriyé carané kabar apik diwartakaké ing saindenging donya? Carané yaiku niru contoné Yésus wektu ing bumi.Lukas 8:1.

Marani wong ing omahé. Yésus maringi conto kanggo murid-muridé carané martakaké kabar apik ing omah-omah. (Matéus 10:11-13; Para Rasul 5:42; 20:20) Penginjil ing jamané para rasul uga diwènèhi gawéan sing padha, kanggo martakaké ing wilayah sing wis ditetepaké. (Matéus 10:5, 6; 2 Korinta 10:14) Ing jaman saiki, martakaké kabar apik uga ditata lan diatur, lan saben jemaat diwènèhi gawéan kanggo martakaké ing wilayahé dhéwé-dhéwé. Cara iki mbantu Seksi-Seksi Yéhuwah nindakaké kersané Yésus kanggo martakaké marang kabèh wong lan dadi paseksi.Para Rasul 10:42.

Cara liyané. Yesus uga maringi conto carané martakaké kabar apik ing panggonan sing ditekani wong akèh, contoné ing pinggir segara utawa ing cedhak sumur. (Markus 4:1; Yokanan 4:5-15) Seksi-Seksi Yéhuwah uga martakaké Injil ing ngendi waé: ing dalan, ing toko-toko, ing taman, utawa liwat tilpun. Uga marang tangga, kanca kerja, kanca sekolah, lan sedulur ing wektu sing cocog. Kabèh cara kuwi bisa mbantu wong-wong ing kabèh panggonan ing donya ngrungokaké kabar apik bab kaslametan.Jabur 96:2.

Apa panjenengan kepéngin martakaké kabar apik bab uripé manungsa mbésuk lan bab Kratoné Gusti Allah? Warta sing apik iki aja disimpen dhéwé. Wong-wong perlu krungu, mula ayo padha dicritakaké!

  • ”Kabar apik” apa sing kudu diwartakaké?

  • Kepriyé Seksi-Seksi Yéhuwah niru carané Yésus martakaké Injil?