Langsung mlebu

Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?

Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?

Jawaban ing Alkitab

 Gusti Allah péngin bèn awaké dhéwé seneng lan tulus wektu mènèhi wong liya. Nèk mènèhi wong liya, sing seneng kuwi ora mung sing diwènèhi, tapi ya sing mènèhi. (Wulang Bebasan 11:25; Lukas 6:​38) Yésus ngomong, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

 Bèn isa bahagia awaké dhéwé kudu piyé wektu ngekèki?

 Awaké dhéwé isa bahagia nèk tulus wektu ngekèki. Ing Alkitab disebutké, ”Mendhing saben wong mènèhi sesuai karo sing wis diputuské ing njero atiné, ora karo sambat utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing bahagia wektu mènèhi.”​—2 Korintus 9:7.

 Mènèhi kuwi ya termasuk ibadah. (Yakobus 1:​27) Yéhuwah bakal ngupahi wong sing seneng mènèhi. (Wulang Bebasan 19:17) Menurut Alkitab, Gusti Allah ya bakal mberkahi wong sing seneng mènèhi.​—Lukas 14:12-​14.

 Ngekèki wong liya isa salah nèk

 Motifé salah. Misalé:

 Tujuané dienggo sing ora bener. Misalé, ngekèki dhuwit wong liya dienggo main judhi, ngombé alkohol, utawa tuku narkoba. (1 Korintus 6:​9, 10; 2 Korintus 7:1) Terus, ngekèki dhuwit wong sing sakjané isih isa kerja.​—2 Tésalonika 3:​10.

 Kebutuhan keluarga dadi ora isa dicukupi. Gusti Allah ngongkon bèn kepala keluarga nyedhiakké kebutuhan keluargané. (1 Timotius 5:8) Mula, aja nganti kepala keluarga terlalu akèh mènèhi wong liya nganti kebutuhan keluargané ora isa dicukupi. Ing jamané Yésus, ana wong-wong sing ora gelem ngurusi wong tuwané sing wis lansia merga kabèh duwèké wis diwènèhké dadi ”persembahan sing khusus kanggo Gusti Allah”. Yésus ora seneng karo wong-wong sing kaya ngono.​—Markus 7:​9-​13.