Langsung mlebu

Apa Gusti Allah Ana?

Apa Gusti Allah Ana?

Jawaban ing Alkitab

 Ya. Ing Alkitab ana buktiné. Menurut Alkitab, bèn isa nduwé iman karo Gusti Allah, awaké dhéwé kudu nduwé ”pengetahuan” lan ’nggunakké kabèh pikiran’, ora mung asal percaya karo ajaran agama. (1 Yohanes 5:​20; Roma 12:1) Iki buktiné nèk Gusti Allah ana:

  •   Langit karo bumi sing diatur kuwi bukti nèk ana sing nggawé. Menurut Alkitab, ”Saben omah mesthi dibangun karo wong, ning sing mbangun kabèh yaiku Gusti Allah.” (Ibrani 3:4) Akèh wong sing sekolah dhuwur ya setuju karo keterangan kuwi. a

  •   Manungsa ora mung butuh mangan, tapi ya butuh tuntunané Gusti Allah bèn isa ngerti urip iki kanggo apa lan bèn isa cedhak karo Gusti Allah. (Matius 5:3; Wahyu 4:​11) Nèk manungsa nganti ngrasa butuh tuntunané Gusti Allah, berarti Gusti Allah ana tenan lan isa nuntun manungsa.​—Matius 4:4.

  •   Ramalan ing Alkitab sing ditulis pirang-pirang atus taun sakdurungé, kelakon tenan. Nèk kuwi ramalané manungsa, ora mungkin kelakon kaya ngono. Kuwi berarti ramalan ing Alkitab asalé saka Gusti Allah.​—2 Pétrus 1:​21.

  •   Sing nulis Alkitab ngerti soal ilmu pengetahuan sing ora dingertèni wong-wong pas kuwi. Contoné, mbiyèn akèh wong percaya nèk bumi disangga kéwan, kaya gajah, cèlèng, utawa sapi. Tapi menurut Alkitab, Gusti Allah ”nggantung bumi tanpa canthèlan”. (Ayub 26:7) Ing Alkitab ya disebutké nèk bumi bentuké bunder. (Yésaya 40:22) Akèh sing mikir nèk sing nulis Alkitab éntuk keterangan kuwi saka Gusti Allah.

  •   Ing Alkitab ana keterangan carané bèn isa cedhak karo Gusti Allah. Contoné, keterangan soal ngapa kok ana akèh kesusahan lan kejahatan padahal Gusti Allah Mahakuwasa lan sayang karo manungsa. Terus, ya ana keterangan soal ngapa kok akèh wong sing nduwé agama kelakuané ora bener.​—Titus 1:16.

a Contoné, peneliti luar angkasa sing jenengé Allan Sandage tau ngomong, ”Ora mungkin langit karo bumi ujug-ujug ana. Kuwi mesthi wis direncanakké. Aku ora ngerti Gusti Allah kuwi ana apa ora, tapi pas ndelok benda-benda luar angkasa, aku yakin nèk kuwi mesthi ana sing nggawé.”