Langsung mlebu

Apa Ditato Kuwi Éntuk?

Apa Ditato Kuwi Éntuk?

Jawaban ing Alkitab

 Kata tato mung disebutké ping pisan ing Alkitab, yaiku ing Kaimaman 19:28. Ing ayat kuwi disebutké, ”Aja nggawé . . . tato ing awakmu.” Préntah kuwi diwènèhké Gusti Allah kanggo bangsa Israèl bèn mbédakké bangsa Israèl saka bangsa-bangsa sekitaré sing nato kulité nganggo jeneng utawa lambang déwa-déwané. (Pangandharing Torèt 14:2) Mémang hukum kuwi mbiyèn kanggo bangsa Israèl, tapi pathokan saka hukum kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé.

Apa wong Kristen éntuk ditato?

 Ing Alkitab, ana ayat-ayat sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan:

  •   ”Wong wédok kudu . . . dandan sing sederhana.” (1 Timotius 2:9) Pathokan kuwi berlaku kanggo wong wédok lan wong lanang. Awaké dhéwé kudu menghargai perasaané wong liya lan ora péngin dadi pusat perhatian.

  •   Ana sing mikir nèk tato kuwi isa nduduhké dhèwèké kuwi sapa. Terus ya ana sing nganggep nèk ditato kuwi haké dhèwèké. Tapi ing Alkitab ana naséhat, ”Aku njaluk marang kowé bèn mènèhké badan lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké korban sing suci lan sing pantes ditampa Gusti Allah. Dadi, kowé isa ngabdi marang Gusti Allah nggunakké kabèh pikiranmu.” (Roma 12:1) Sakdurungé ditato awaké dhéwé kudu mikirké dhisik apa alesané péngin ditato. Nèk alesané merga mèlu-mèlu wong liya utawa péngin nduduhké nèk awaké dhéwé iki anggota saka kelompok tertentu, isa waé mengko awaké dhéwé berubah pikiran. Padahal tatoné kuwi ora isa dihapus. Mula sakdurungé ditato, awaké dhéwé kudu mikir dhisik.​—Wulang Bebasan 4:7.

  •   ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil, ning wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.” (Wulang Bebasan 21:5) Biasané wong-wong kesusu wektu nggawé keputusan arep ditato. Padahal nèk ditato, kuwi isa waé nggawé awaké dhéwé angèl golèk gawéan lan kuwi ya ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo wong liya. Sakliyané kuwi nèk tatoné arep dihapus rasané lara lan biayané larang. Saiki ana akèh bisnis hapus tato, kuwi bukti nèk wong-wong sing wis ditato akèh sing péngin tatoné dihapus manèh. Terus saka hasil penelitian, wong-wong padha gela merga wis ditato.