Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Anak-Anak lan HP​—Bagéan 1: Apa Anakku Kudu Nduwé HP?

Anak-Anak lan HP​—Bagéan 1: Apa Anakku Kudu Nduwé HP?

 Saiki akèh anak-anak wis nduwé HP dhéwé, terus pas internètan ya ora diawasi wong tuwané. a Nah, apa bahayané nèk anak-anak dikèki HP dhéwé? Terus, apa manfaaté? Apa akibaté nèk anak-anak kakèhan dolanan HP?

 Keterangan kanggo wong tuwa

 Manfaaté

  •   Wong tuwa isa luwih tenang merga ngerti keadaan anaké. Bethany, ibu-ibu sing nduwé anak loro, ngomong, ”Saiki kan akèh wong jahat. Dadi nèk anakku nduwé HP, aku luwih gampang ngubungi anakku.”

     Ibu-ibu sing jenengé Catherine ngomong, ”Liwat aplikasi ing HP, aku isa ngerti anakku lagi ing endi. Terus nèk dhèwèké lagi nyetir, aku ya isa ngerti dhèwèké ngebut apa ora.”

  •   Anak-anak dadi luwih gampang nggarap tugas. Ibu-ibu sing jenengé Marie ngomong, ”Nèk nduwé HP, anak-anak isa ngerti nduwé PR apa ora. Terus, anak-anak ya isa komunikasi karo guruné.”

 Bahayané

  •   Dadi sibuk dhéwé-dhéwé. Saiki akèh cah enom dolanan HP nganti pirang-pirang jam sedina. Terus, wong tuwané ya ngono. Malah ana ahli sing ngomong, ”Meskipun lagi ngumpul, keluarga-keluarga jaman saiki wis kaya wong ora kenal soalé padha sibuk dhéwé-dhéwé karo HP-né.” b

  •   Gampang ndelok pornografi. Ana laporan nèk luwih saka 50 persèn cah enom sak donya ndelok pornografi saben sasi, soalé saiki wis nduwé HP dhéwé-dhéwé. Bapak-bapak sing nduwé anak loro, sing jenengé William, ngomong, ”Nèk anak-anak nduwé HP, berarti meréka ya luwih gampang ndelok pornografi.”

  •   Kecanduan. Akèh wong saiki kecanduan dolanan HP. Nèk ora dolanan HP, meréka strès, bingung, malah ya nganti lara. Beberapa wong tuwa crita nèk anak-anak dadi wani karo wong tuwané merga kecanduan dolanan HP. Carmen ngomong, ”Pas anakku mèh tak jak omong, dhèwèké malah nesu merga lagi asik dolanan HP. Dhèwèké ora péngin diganggu.”

  •   Bahaya liyané. Nèk anak-anak nduwé HP, meréka isa di-bully ing internet. Terus, meréka ya isa sexting. c Malah ya ana sing dadi lara merga kurang turu utawa liyané. Ana cah enom sing nganggo aplikasi kanggo ndhelikké sesuatu saka wong tuwané. Aplikasi kuwi tampilané kaya aplikasi biasa, misalé kalkulator, tapi isiné isa waé berbahaya.

     Bapak-bapak sing jenengé Daniel, sing nduwé anak wédok, ngomong, ”Nèk anak-anak nduwé HP, meréka isa ndelok apa waé ing internèt, termasuk sing berbahaya.”

 Sing kudu dipikirké wong tuwa

  •   ’Apa anakku bener-bener butuh HP?’

     Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.” (Wulang Bebasan 14:15) Pikirna:

     ’Apa anakku kudu tak kèki HP? Apa aku wis mikirké manfaaté lan bahayané? Apa isih ana pilihan liyané?’

     Bapak-bapak sing jenengé Todd ngomong, ”Saiki isih ana HP sing mung isa dienggo télpon karo SMS. Anak-anak isih isa dihubungi meskipun mung nganggo HP sing kaya ngono, terus kuwi ya luwih murah.”

  •   ’Apa anakku isa dipercaya?’

     Menurut Alkitab, ”Atiné wong wicaksana nuntun dhèwèké menyang dalan sing bener.” (Pengkhotbah 10:2) Pikirna:

     ’Apa buktiné nèk anakku isa dipercaya? Apa dhèwèké gelem crita apa waé? Apa dhèwèké tau ora jujur, misalé wektu ditakoni soal kancané? Apa dhèwèké biasané kakèhan nonton TV lan dolanan tablèt utawa laptop? Terus, pas nganggo kuwi, apa waé sing didelok?’ Ibu-ibu sing jenengé Serena ngomong, ”HP kuwi canggih banget, tapi ya ana bahayané. Dadi, wong tuwa kudu mikirké tenanan sakdurungé ngekèki anaké HP.”

  •   ’Apa aku nduwé wektu kanggo ngawasi anakku pas dolanan HP?’

     Menurut Alkitab, ”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener.” (Wulang Bebasan 22:6) Pikirna:

     ’Aku kudu piyé bèn anak-anak isa ngati-ati pas dolanan HP? Apa aku ngerti fitur-fitur sing ana ing HP-né anakku? Apa aku ngerti carané nganggo aplikasi parental control, yaiku aplikasi bèn anak-anak ora mbukak situs wèb sing berbahaya?’ Bapak-bapak sing jenengé Daniel ngomong, ”Akèh wong tuwa ngekèki anaké HP, tapi ora gelem ngawasi.”

 Intiné: Pas anak-anak dikèki HP, njenengan ya kudu ngandhan-ngandhani meréka. Menurut buku Indistractable, ”Biasané anak-anak ora kèlingan wektu pas nganggo HP, apa manèh nèk ora diawasi wong tuwané.”

a HP sing dimaksud ing kéné kuwi HP sing ana aksès internèté.

b Saka buku Disconnected sing ditulis Thomas Kersting.

c Sexting kuwi ngirim foto, vidéo, utawa chat sing saru.