Langsung mlebu

Pendapaté Para Dokter Saiki soal Tranfusi Darah

Pendapaté Para Dokter Saiki soal Tranfusi Darah

Wis puluhan taun Seksi-Seksi Yéhuwah dikritik merga nolak transfusi darah. Alesané Seksi Yéhuwah nolak transfusi darah merga péngin manut karo pathokané Alkitab, sing kandha, ’Nyingkira saka getih.’ Keputusané Seksi-Seksi Yéhuwah iki kadhang ora cocog karo pandangané para dokter sing nganggep nèk transfusi darah kuwi pengobatan sing paling apik kanggo pasièné.​—⁠Kisah 15:29.

Ning, saya akèh dokter sing berpengalaman mènèhi ngerti alesan mèdis soal perawatan sing ora nggunakké transfusi darah.

Ing awal taun 2013, jurnal Stanford Medicine Magazine, sing digawé Stanford University School of Medicine, nggawé laporan khusus soal getih. Salah siji judhul artikelé yaiku, ”Against the Flow​—What’s Behind the Decline in Blood Transfusions?” (Melawan Arus​—Mengapa Ada yang Menolak Tranfusi Darah?) Penulis artikel iki, sing jenengé Sarah C. P. Williams, kandha, ”Saksuwéné sepuluh taun iki, saya akèh penelitian sing nduduhké nèk getih sing didonorké luwih akèh ketimbang getih sing digunakké kanggo ngobati pasièn ing rumah sakit sakdonya.”

Ing laporan iki, ana kutipan saka pendiri lan dirèktur Pusat Pengobatan lan Pembedahan Tanpa Darah ing Rumah Sakit Pennsylvania sing jenengé Patricia Ford, M.D. Dhèwèké kandha, ”Akèh dokter nganggep nèk getih isa nylametké nyawa lan wong bakal mati nèk kekurangan getih . . . Ning, nyatané ora mesthi kaya ngono. *

Dr. Ford, sing ngobati kira-kira 700 Seksi-Seksi Yéhuwah saben taun, kandha, ”Akèh dokter sing tak ajak omong . . . nganggep nèk akèh pasièn bakal mati nèk ora nampa darah . . . Mbiyèn, aku ya tau mikir ngono. Ning, aku sinau nèk sakjané ana cara sing luwih sederhana kanggo ngobati pasièn-pasièn iki.”

Ing Agustus 2012, jurnal Archives of Internal Medicine nerbitké hasil penelitian saksuwéné 28 taun soal pasièn bedah jantung. Pasièn Seksi-Seksi Yéhuwah luwih cepet mari ketimbang pasièn liyané sing keadaané padha sing nampa tranfusi darah. Pasièn Seksi Yéhuwah jarang sing kena komplikasi, luwih cepet mari, lan keadaan wong-wong kuwi sakwisé 20 taun padha kaya pasièn sing nampa tranfusi darah.

Artikel ing The Wall Street Journal sing diterbitké 8 April 2013, kandha, ”Pembedahan tanpa darah yaiku operasi sing ora nggunakké darah donor, wis ditindakké pirang-pirang taun kanggo pasièn sing ora gelem nampa tranfusi darah merga kepercayaané. Saiki, akèh rumah sakit ya nggunakké cara kuwi . . . Para ahli bedah sing ndhukung operasi tanpa darah kandha nèk cara kuwi isa ngurangi biaya kanggo pembelian, penyimpanan, pemrosesan, pengujian, lan tranfusi darah. Terus, cara kuwi ya isa ngurangi résiko infèksi lan komplikasi sing isa nggawé pasièn kudu dirawat luwih suwé ing rumah sakit.”

Robert Lorenz, dirèktur mèdis sing ngurusi soal darah ing Rumah Sakit Cleveland Clinic, kandha, ”Awaké dhéwé ngrasa wis mbantu pasièn nèk mènèhi tranfusi darah . . . Ning, penelitian-penelitian mbuktèkké nèk sakjané ora kaya ngono.”

^ par. 5 Bèn ngerti pandangané Seksi-Seksi Yéhuwah soal getih, deloken artikel ”Pitakonan Umum​—Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Gelem Ditranfusi?