Langsung mlebu

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Gelem Ditranfusi?

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Gelem Ditranfusi?

Anggepan sing salah

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem golèk tamba ing dhokter.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah golèk tamba sing paling apik kanggo dhèwèké lan keluargané. Yèn lara, Seksi-Seksi Yéhuwah priksa ing dhokter sing bisa ngobati lan ngoprasi tanpa tranfusi. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni perawatané dhokter sing saya maju. Sakjané, perawatan tanpa tranfusi sing biyasané digunakaké Seksi-Seksi Yéhuwah wis digunakaké dhokter kanggo ngobati wong akèh. Ing akèh negara, saben wong sing lara nduwé hak kanggo nolak tranfusi bèn ora kena akibaté, contoné penyakit sing nular liwat getih, sistem kekebalan tubuh sing ora nampa, lan kesalahané dhokter wektu tranfusi.

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn iman kuwi bisa nambani wong lara.

 Sing bener: Ing Seksi-Seksi Yéhuwah ora ana penyembuhan iman.

 Kandhané wong: Perawatan tanpa tranfusi kuwi ragadé larang banget.

 Sing bener: Perawatan tanpa tranfusi kuwi luwih murah. a

 Kandhané wong: Saben taun, akèh Seksi-Seksi Yéhuwah, klebu bocah-bocah, mati merga ora gelem ditranfusi.

 Sing bener: Omongan kaya ngono ora ana dhasaré. Dhokter bedhah kerep ngoprasi jantung, ngoprasi ortopedi, lan transplantasi organ tanpa nggunakaké tranfusi, kamangka kuwi oprasi sing angèl. b Wong lara, klebu cah cilik, sing ora ditranfusi biyasané mariné padha karo sing ditranfusi, malah bisa luwih cepet. c Ora ana sing bisa mesthèkaké wong bisa mati yèn nolak tranfusi utawa bisa tetep urip yèn ditranfusi.

Kena apa Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ditranfusi?

 Alesané merga kapercayané, dudu merga ora gelem ditambani. Alkitab Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar cetha-cetha kandha supaya awaké dhéwé nyirik getih. (Purwaning Dumadi 9:4; Kaimaman 17:10; Pangandharing Torèt 12:23; Para Rasul 15:28, 29) Kanggoné Gusti Allah, getih iku nggambaraké nyawa. (Kaimaman 17:14) Dadi, Seksi-Seksi Yéhuwah nolak tranfusi ora mung merga manut karo Gusti Allah, ning uga merga ngajèni Gusti Allah, Sing Nggawe Urip.

Panemu sing wis malih

Oprasi sing angèl asilé bisa apik tanpa tranfusi.

 Para dhokter wis tau mikir yèn perawatan tanpa tranfusi kuwi padha waé bunuh dhiri. Ning, saiki wis malih. Contoné, ing taun 2004, ana artikel sing diwetokaké ing jurnal bab pendhidhikan keséhatan sing kandha yèn ”akèh cara sing digunakaké kanggo nambani Seksi Yéhuwah sing lara bakal dadi cara sing kerep digunakaké mbésuké”. d Artikel taun 2010 ing jurnal Heart, Lung and Circulation kandha yèn ”’oprasi tanpa tranfusi’ kuduné ora mung digunakaké kanggo S[eksi]-S[eksi] Y[éhuwah], ning kuduné dadi bagéan saka oprasi sing ditindakaké saben dina”.

 Wektu ngoprasi tanpa tranfusi, saiki akèh dhokter nggunakaké téknik konservasi darah, bèn getih sing ilang ora akèh. Cara kuwi wis digunakaké ing akèh negara, klebu ing negara sing durung maju, lan akèh wong lara sing dudu Seksi Yéhuwah njaluk ditambani nganggo cara kuwi.

a Deloken Transfusion and Apheresis Science, Jilid 33, No. 3, kaca 349.

b Deloken The Journal of Thoracic and Cardiovascular Surgery, Jilid 134, No. 2, kaca 287-288; Texas Heart Institute Journal, Jilid 38, No. 5, kaca 563; Basics of Blood Management, kaca 2; lan Continuing Education in Anaesthesia, Critical Care & Pain, Jilid 4, No. 2, kaca 39.

c Deloken The Journal of Thoracic and Cardiovascular Surgery, Jilid 89, No. 6, kaca 918; lan Heart, Lung and Circulation, Jilid 19, kaca 658.

d Continuing Education in Anaesthesia, Critical Care & Pain, Jilid 4, No. 2, kaca 39.