Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Yésaya 40:31​—”Wong sing Berharap marang Yéhuwah Bakal Dadi Kuwat Manèh”

Yésaya 40:31​—”Wong sing Berharap marang Yéhuwah Bakal Dadi Kuwat Manèh”

 ”Tapi wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh. Wong-wong kuwi bakal kaya elang sing mabur dhuwur banget nganggo sayapé. Wong-wong kuwi bakal mlayu lan ora kentèkan tenaga. Wong-wong kuwi bakal mlaku lan ora kesel.”​—Yésaya 40:31, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha [utawa, elang] kalawan kakuwataning swiwiné; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.”​—Yésaya 40:31, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Yésaya 40:31

 Yéhuwah a janji nèk bakal mènèhi kekuwatan kanggo umaté bèn isa tetep setya meskipun ana masalah.

 ”Wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh.” Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan kanggo wong-wong sing percaya karo Dhèwèké. (Wulang Bebasan 3:5, 6) Yéhuwah mènèhi kekuwatan liwat roh suciné.​—Lukas 11:13.

 ”Wong-wong kuwi bakal kaya elang sing mabur dhuwur banget nganggo sayapé.” Apa maksudé? Wong-wong sing éntuk kekuwatan saka Gusti Allah diumpamakké kaya elang. Elang isa mabur dhuwur merga ana hawa panas, sing disebut termal. Pas wis nemokké termal, elang mabur ngubengi kuwi, terus akhiré maburé isa saya dhuwur. Merga ana termal, elang isa mabur nganti pirang-pirang jam, tapi ora kekeselen.

 ”Wong-wong kuwi bakal mlayu lan ora kentèkan tenaga.” Merga ana akèh masalah, isa waé dadi strès, terus mungkin ya lara. Tapi, Gusti Allah mènèhi kekuwatan. Awaké dhéwé dadi isa tetep setya meskipun ana akèh masalah. Rasul Paulus ya tau ngrasakké sing padha. Dhèwèké nulis, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”​—Filipi 4:13.

Latar Belakangé Yésaya 40:31

 Gusti Allah ngongkon Nabi Yésaya nulis kata-kata iki kira-kira 2.700 taun mbiyèn. Mémang kata-kata iki kanggo kabèh umaté Gusti Allah. Tapi, Yéhuwah péngin nguwatké wong Yahudi sing bakal ditawan ing Babilon selama 70 taun. Wong-wong kuwi ngrasakké nèk janjiné Gusti Allah kelakon tenan pas akhiré mulih ing Yérusalèm taun 537 SM. (Yésaya 40:1-3) Meskipun adoh, terus perjalanané ya angèl, b wong-wong kuwi akhiré isa tekan Yérusalèm merga dibantu karo Gusti Allah.​—Yésaya 40:29.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

b Perjalanané kira-kira 1.600 kilomèter.