Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Roma 12:2—”Padha Salina Marga saka Budimu Kaanyaraké”

Roma 12:2—”Padha Salina Marga saka Budimu Kaanyaraké”

 ”Aja dipengaruhi karo donya iki manèh. Ning, kowé kudu ngubah pikiranmu bèn kowé isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.”—Roma 12:2, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Lan kowé aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa nitèni apa kang dadi karsané Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadèkaké keparengé Gusti Allah lan kang sampurna.”—Roma 12:2, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Roma 12:2

 Nèk péngin nggawé Gusti Allah seneng, aja nganti dipengaruhi karo wong-wong sing ora sayang karo Gusti Allah, terus kepribadiané ya kudu diubah. Gelem berubah kuwi kuduné dudu merga kepeksa, tapi merga sayang karo Gusti Allah lan ngerti nèk sing Dhèwèké karepké kuwi ana manfaaté.—Yésaya 48:17.

 ”Aja dipengaruhi karo donya iki manèh.” ”Donya” kuwi maksudé wong-wong sing ora manut karo Gusti Allah lan kelakuané ora padha kaya sing dikarepké Gusti Allah. (1 Yohanes 2:15-17) Wong-wong kuwi isa mempengaruhi sikap lan kepribadiané wong liya. Sing kepengaruh karo wong-wong kuwi biasané kelakuané dadi ora nggenah lan nggawé Gusti Allah ora seneng. Mula, bèn isa nyenengké Gusti Allah, aja nganti kepengaruh karo wong-wong kuwi.—Éfésus 2:1-3; 4:17-19.

 “Kowé kudu ngubah pikiranmu.” Kuwi maksudé ngubah kepribadiané awaké dhéwé. Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”ngubah” gambarané kaya uler sing berubah dadi kupu-kupu. Berarti wong sing péngin nyembah Gusti Allah kudu nganggo ”kepribadian sing anyar”.—Éfésus 4:23, 24; Kolose 3:9, 10.

 ”Bèn kowé isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.” Gusti Allah péngin wong-wong sing nyembah Dhèwèké kuwi merga bener-bener yakin, ora mung asal percaya. Bèn isa kaya ngono, kudu sinau Alkitab, ngetrapké sing wis dipelajari, lan ngrasakké manfaaté merga manut karo Gusti Allah. Nèk wis kaya ngono, awaké dhéwé isa ngerti nèk manut karo Gusti Allah kuwi sing paling apik.—Mazmur 34:8.

Latar Belakangé Roma 12:2

 Ing Roma bab 12 dijelaské carané bèn ibadahé awaké dhéwé nyenengké Gusti Allah. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé kudu terus manut karo Gusti Allah lan nggunakké ’pikirané’ awaké dhéwé, ora mung perasaan. (Roma 12:1, 3) Saka bab iki, awaké dhéwé ya isa ngerti carané niru sifat-sifaté Gusti Allah, piyé kuduné sikapé awaké dhéwé karo wong liya, lan piyé kuduné sikapé awaké dhéwé pas dijahati wong liya.—Roma 12:9-21.