Langsung mlebu

AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Roma 10:13​—”Nyebut Asmaning Pangéran”

Roma 10:13​—”Nyebut Asmaning Pangéran”

 ”Saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké.”​—Roma 10:13, Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar.

 ”Sapa kang nyebut Asmaning Pangéran bakal kapitulungan rahayu.”​—Roma 10:13, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Roma 10:13

 Gusti Allah kuwi adil, lan Dhèwèké mènèhi kesempatan kanggo kabèh wong bèn isa nampa urip saklawasé, ora masalah saka endi asalé, ras, utawa latar belakangé. Ning, bèn isa éntuk manfaaté awaké dhéwé kudu nggunakké asmané Gusti Allah yaiku Yéhuwah. aJabur 83:19.

 Ing Alkitab, ”nyebut asmané Yéhuwah” kuwi artiné ora mung ngerti jenengé Gusti Allah lan nggunakké kuwi wektu ibadah. (Jabur 116:12-14) Kuwi ya berarti kudu percaya lan ngendelké Gusti Allah.​—Jabur 20:8; 99:6.

 Yésus nganggep jenengé Gusti Allah kuwi bener-bener penting. Kuwi kétok saka kalimat pertama ing conto dongané Yésus yaiku, ”Bapakku sing ana ing swarga, asma Panjenengan mugi disucèkké.” (Matius 6:9) Yésus ya ngandhani awaké dhéwé nèk kudu kenal, manut, lan nresnani Yéhuwah bèn isa nampa urip saklawasé.​—Yohanes 17:3, 6, 26.

 Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk ”Pangéran” sing disebutké ing Roma 10:13 Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi kuwi maksudé Yéhuwah? Merga ayat kuwi kutipan saka kitab Yoèl 2:32. Saka basa asli Ibraniné, ayat kuwi nyebutké soal jenengé Gusti Allah, ora mung gelar ”Pangéran”. b

Latar Belakangé Roma 10:13

 Ing Roma bab 10, Alkitab nduduhké nèk hubungané awaké dhéwé karo Gusti Allah kuwi dipengaruhi karo imané awaké dhéwé marang Yésus. (Roma 10:9) Katrangan iki didhukung karo kutipan-kutipan saka Perjanjian Lawas. Wong kudu nyritakké imané ”marang wong liya”. Kuwi ya klebu martakké kabar apik soal keslametan marang wong-wong sing durung percaya. Hasilé, kuwi isa mbantu wong liya bèn nduwé iman lan akhiré éntuk urip saklawasé.​—Roma 10:10, 14, 15, 17.

Wacanen Roma bab 10 karo cathetan ngisor lan réferènsi silangé.

a Jenengé Gusti Allah ana ing manuskrip Alkitab kuna kira-kira ping 7.000. Ing basa Ibrani, jenengé ditulis ing patang huruf, sing disebut Tetragramaton. Ing basa Jawa, jeneng iki biasané disebut ”Yéhuwah”. Ning, ana beberapa ahli sing milih nyebut ”Yahwèh”.

b Kayané penulis Alkitab nggunakké jenengé Gusti Allah wektu ngutip ayat saka ”Perjanjian Lawas” sing nyebutké jeneng kuwi. The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Ana bukti-bukti sing nduduhké nèk Tetragramaton, jenengé Gusti Allah, yaiku Yahwèh, muncul ing sebagéan utawa kabèh ayat saka P[erjanjian] L[awas] sing dikutip ing P[erjanjian] A[nyar] wektu dokumèn PA pertama kali ditulis.” (Volume 6, halaman 392) Bèn isa ngerti informasi luwih akèh, deloken artikel ”Jenengé Gusti Allah ing kitab-kitab Yunani Kristen” ing bab 2 buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab.