Langsung mlebu

PENJELASAN AYAT ALKITAB

Mazmur 37:4, ”Bungaha Marga saka Sang Yéhuwah”

Mazmur 37:4, ”Bungaha Marga saka Sang Yéhuwah”

 ”Kowé bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal nggawé apa sing mbok péngini kelakon.”—Mazmur 37:4, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Bungaha marga saka Sang Yéhuwah, dadi kowé mesthi diparingi pepénginaning atimu.”—Mazmur 37:4, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Mazmur 37:4

 Sing nulis Mazmur ngomong nèk wong-wong sing akrab karo Gusti Allah bakal ngrasa bahagia. Yéhuwah a ya bakal mènèhi sing dijaluk wong-wong kuwi, sing penting cocog karo karepé Yéhuwah.

 ”Kowé bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah.” Kata-kata kuwi ya isa diterjemahké ”ngrasa bahagia banget merga Yéhuwah”, ”ngrasa seneng nglayani Gusti Allah”, utawa ”bahagia merga janjiné Gusti Allah”. Kuwi berarti awaké dhéwé isa ”bahagia banget” merga nglayani Gusti Allah sing bener. (Mazmur 37:4, cathetan ngisor) Apa buktiné?

 Wong-wong sing nglayani Yéhuwah nduwé pandhangan sing padha karo Dhèwèké. Meréka ora mung ngerti soal Gusti Allah, tapi meréka ya gelem manut merga ngerti nèk manut kuwi ana manfaaté. Hasilé, hati nuraniné resik lan isa nggawé keputusan sing apik. (Wulang Bebasan 3:5, 6) Misalé, umaté Yéhuwah ora strès lan ora jèngkèl meskipun ndelok wong-wong jahat uripé kepénak. (Mazmur 37:1, 7-9) Meréka isa bahagia merga ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong sing jahat lan mberkahi wong-wong sing manut Yéhuwah. (Mazmur 37:34) Meréka ya bahagia merga isa nggawé Yéhuwah bahagia.—Mazmur 5:12; Wulang Bebasan 27:11.

 ”Dhèwèké bakal nggawé apa sing mbok péngini kelakon.” Kata-kata kuwi ya isa diterjemahké, ”Dhèwèké bakal njawab dongamu” utawa ”Dhèwèké bakal nuruti kepénginanmu”. Mémang Yéhuwah ora bakal nuruti kabèh sing awaké dhéwé jaluk, tapi kaya wong tuwa, Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo anaké. Dadi sing dijaluk lan tingkah lakuné awaké dhéwé kudu sesuai karo karepé Yéhuwah. (Wulang Bebasan 28:9; Yakobus 4:3; 1 Yohanes 5:14) Mula, awaké dhéwé isa ndonga karo Yéhuwah lan yakin nèk dongané awaké dhéwé bakal dirungokké.—Mazmur 65:2; Matius 21:22.

Latar Belakangé Mazmur 37:4

 Sing nulis Mazmur 37 iki Daud, Raja Israèl jaman mbiyèn. Dhèwèké nulis kuwi nganggo bentuk akrostik utawa diurutké sesuai urutan abjad Ibrani. b

 Daud ngalami akèh masalah. Dhèwèké kudu ndhelik merga arep dipatèni karo Saul lan wong-wong liyané sing ora seneng karo dhèwèké. (2 Samuèl 22:1) Tapi Daud percaya tenan karo Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal ngukum wong sing jahat. (Mazmur 37:10, 11) Dadi, meskipun wong jahat uripé kétoké makmur kaya ”suket ijo”, tapi meréka bakal mati.—Mazmur 37:2, 20, 35, 36.

 Ing Mazmur 37 ya disebutké apa berkahé nèk manut hukumé Yéhuwah lan apa akibaté nèk ora manut. (Mazmur 37:16, 17, 21, 22, 27, 28) Nèk maca lan ngetrapké Mazmur 37 iki, awaké dhéwé isa dadi wong sing wicaksana lan nyenengké Gusti Allah.

 Deloken vidéo soal buku Mazmur.

a Jenengé Gusti Allah ing basa Ibrani nèk diterjemahké ing basa Jawa dadi Yéhuwah. Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?” bèn ngerti kenapa kok ing beberapa terjemahan Alkitab ora nggunakké jeneng Gusti Allah, tapi mung nggunakké gelar Tuhan.

b Bentuk penulisané ayat pertama utawa kelompok ayat-ayat pertama dimulai nganggo huruf pertama ing abjad Ibrani. Terus kelompok ayat sing keloro, dimulai nganggo huruf keloro lan sakterusé. Tujuan bentuk penulisan kuwi mungkin bèn gampang diéling-éling.