Langsung mlebu

Syarat Penggunaan

Syarat Penggunaan

Sugeng Rawuh!

Situs wèb iki digawé bèn njenengan isa ngerti luwih akèh soal Gusti Allah, isiné Alkitab, lan Seksi-Seksi Yéhuwah. Njenengan isa maca, nonton, lan download apa waé sing menarik kanggo njenengan. Muga-muga situs wèb iki bermanfaat kanggo njenengan, ning nyuwun tulung isiné aja di-upload ing aplikasi utawa situs wèb liya. Tapi, njenengan éntuk mbagi link situs iki sesuai karo Syarat Penggunaan ing ngisor.

 Hak Cipta

© 2024 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania. Hak cipta dilindungi.

Situs wèb iki digawé lan diurus karo Watchtower Bible and Tract Society of New York, Inc. (”Watchtower”). Kabèh isiné situs wèb iki duwèké Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania (”Watch Tower”), kecuali disebutké sumberé.

 Mèrek Dagang

Adobe, logo Adobe, Acrobat, lan logo Acrobat kuwi mèrek dagang saka Adobe Systems Incorporated. Apple, iTunes, lan iPod kuwi mèrek dagang saka Apple Inc. Microsoft, logo Microsoft, karo jeneng software lan produk saka Microsoft, misalé Microsoft Office karo Microsoft Office 365, kuwi mèrek dagang saka Microsoft Inc. Android kuwi mèrek dagang saka Google LLC. Robot Android ing situs iki digawé kaya sing ana ing Google lan dimodifikasi sesuai karo Lisènsi Atribusi Creative Commons 3.0 (https://creativecommons.org/licenses/by/3.0/us/). Kabèh mèrek dagang lan sing terdaftar liyané kuwi duwèké masing-masing.

 Syarat Penggunaan lan Lisènsi Penggunaan Situs Wèb

Syarat Penggunaan iki aturan carané nggunakké situs wèb iki. Nèk njenengan nggunakké situs wèb iki, berarti njenengan setuju karo Syarat Penggunaan iki, termasuk Syarat Penggunaan Tambahan (loro-loroné disebut ”Syarat Penggunaan”) ing situs iki. Nèk njenengan ora setuju karo Syarat Penggunaan iki utawa sebagéan saka Syarat Penggunaan iki, njenengan ora éntuk nggunakké situs wèb iki.

Sesuai aturan-aturan ing ngisor, njenengan éntuk:

  • Ndelok, download, lan nyétak buku, lagu, foto, tulisan, lan vidéo sing ana hak ciptané ing situs iki, nèk mung dienggo dhéwé lan ora diedol.

  • Mbagi link utawa buku, vidéo, lan audio sing ana ing situs iki.

Njenengan ora éntuk:

  • Posting gambar, buku, mèrek dagang, lagu, foto, vidéo, utawa artikel saka situs iki ing Internèt (situs wèb, situs file-sharing, situs video-sharing, utawa mèdia sosial.)

  • Nggunakké gambar, buku, mèrek dagang, lagu, foto, tulisan, utawa vidéo saka situs iki ing software (termasuk ngupload ing server bèn isa dienggo nggawé software).

  • Nggawé manèh, nggawé duplikat, nyalin, nggunakké gambar, buku, mèrek dagang, lagu, foto, tulisan, utawa vidéo ing situs wèb iki kanggo diedol (bahkan meskipun ora ana untungé).

  • Nggawé software, aplikasi, utawa cara tertentu kanggo ngumpulké, nyalin, download, extracting, harvesting, utawa scraping data, HTML, gambar, utawa tulisan saka situs wèb iki. (Ning, njenengan éntuk mbagi aplikasi gratis kanggo download file èlèktronik, kaya EPUB, PDF, MP3, lan MP4 saka situs iki.)

  • Nyalahgunakké situs wèb iki karo layanané, misalé ngubah utawa mbukak situs iki nganggo cara sing ora bener.

  • Nggunakké situs wèb iki nganggo cara sing isa marahi situs iki rusak, ilang, utawa ora isa dibukak. Terus ya ora éntuk nggunakké situs iki nganggo cara sing nglanggar hukum, ora resmi, curang, utawa berbahaya, utawa sing ana hubungané karo kegiatan sing nglanggar hukum, ora resmi, curang, utawa berbahaya.

  • Nggunakké situs wèb iki, gambar, buku, mèrek dagang, lagu, foto, tulisan, utawa vidéo kanggo iklan.

  • Situs wèb iki nggunakké layanan Google Maps sebagai pihak ketelu, sing ora diawasi karo kami. Nèk njenengan nggunakké layanan Google Maps saka situs iki, njenengan kudu manut Persyaratan Layanan Tambahan Google Maps/Google Earth sing paling anyar. Nèk Persyaratan Layanané diperbarui, kami ora dikandhani, dadi njenengan kudu mriksa dhéwé persyaratané sakdurungé nggunakké Google Maps. Aja nganggo Google Maps nèk ora setuju karo persyaratané. Data pengguna ing Google Maps ora bakal dikèkké ing situs wèb iki.

 Bagéan Medis

Bagéan Mèdis ing situs wèb iki tujuané mung kanggo mènèhi informasi, dudu pengganti naséhat, diagnosis, utawa perawatan mèdis profésional. Bagéan Mèdis ora mènèhi saran, utawa promosi tès, dokter, produk, prosedur, pendapat, utawa informasi liyané.

Nèk ana pertanyaan soal keadaan utawa perawatan mèdis, njenengan kudu tetep takon karo dokter utawa tenaga mèdis liyané.

Kami berusaha bèn informasi ing Bagéan Mèdis kuwi bener lan sing paling anyar. Informasi sing kami sampèkké iki apa anané lan ora ana jaminan saka kami, embuh kuwi tertulis utawa ora. Informasi ing Bagéan Mèdis dudu tanggung jawab kami. Nèk ana informasi sing salah utawa kurang lengkap, kuwi ya dudu tanggung jawab kami. Nèk percaya informasi ing Bagéan Mèdis, kuwi tanggung jawabé njenengan dhéwé. Nèk ana tuntutan utawa kerusakan, kuwi dudu tanggung jawab kami (misalé, sing disengaja utawa ora, sing nyebabké luka, kematian, kerugian, lan kerusakan merga data sing ora lengkap), embuh kuwi tuntutan utawa kerusakan sing berdasarkan jaminan, perjanjian, pelanggaran hak, utawa téori hukum apa waé, lan ora soal kami dikandhani soal tuntutan utawa kerusakan kuwi apa ora.

 Batasan Jaminan lan Kewajiban

Kabèh informasi lan layanan ing situs wèb iki ora ana jaminané saka Watchtower, embuh kuwi tertulis utawa ora.

Ora ana jaminan nèk situs iki bébas saka virus utawa program liyané sing berbahaya. Nèk ana kerugian apa pun merga nggunakké informasi lan layanan ing situs iki, kuwi dudu tanggung jawabé Watchtower.

 Pelanggaran Syarat Penggunaan

Nèk njenengan nglanggar Syarat Penggunaan iki, Watchtower éntuk bertindak, termasuk mutus aksèsé njenengan ing situs iki, nglarang njenengan mbukak situs iki, mblokir komputer-komputer sing nggunakké alamat IP njenengan bèn ora isa mbukak situs iki, menghubungi penyedia layanan Interneté njenengan bèn njenengan diblokir saka situs iki, lan/utawa nuntut njenengan liwat pengadilan.

 Révisi

Syarat Penggunaan iki isa waé dirévisi karo Watchtower. Sing dirévisi berlakuné mulai tanggal sing ana ing Syarat Penggunaan iki. Bèn isa ngerti vèrsi sing paling anyar, njenengan isa mbukak halaman iki.

 Hukum lan Yurisdiksi

Syarat Penggunaan iki diatur karo hukum-hukum Negara Bagian New York, AS. Pelanggaran Syarat Penggunaan bakal digawa ing pengadilan negara bagian utawa féderal sing nduwé wewenang ing Negara Bagian New York, AS.

 Keterpisahan

Nèk ana ketentuan ing Syarat Penggunaan iki sing dianggep ora berlaku karo pengadilan sing berwenang, ketentuan-ketentuan liyané tetep berlaku. Nèk ana ketentuan sing ora ditrapké karo Watchtower, ora berarti nèk ketentuan kuwi wis ora berlaku manèh. Terus, Watchtower ya tetep nduwé hak kanggo nggunakké ketentuan kuwi manèh.

 Kabèh Persetujuan

Kabèh persetujuan antara njenengan lan Watchtower soal nggunakké situs wèb iki ana ing Syarat Penggunaan iki. Kabèh syarat penggunaan sakdurungé wis diganti karo Syarat Penggunaan iki.