Langsung mlebu

Sedulur-Sedulur sing Réla Pindhah ing Bulgaria

Sedulur-Sedulur sing Réla Pindhah ing Bulgaria

 Seksi-Seksi Yéhuwah ing Bulgaria semangat mulang wong liya soal Gusti Allah lan Alkitab. Nah, kèt taun 2000, ana akèh Seksi-Seksi Yéhuwah saka negara liya pindhah ing Bulgaria kanggo mèlu nginjil ing kono. Apa kuwi gampang? Apa waé berkahé? Iki pengalamané para sedulur sing wis pindhah ing Bulgaria.

Péngin Pindhah

 Darren sing asalé saka Inggris ngomong, ”Aku karo bojoku, Dawn, péngin pindhah lan nglayani ing negara liya. Bar nikah, kami pindhah ing London bèn isa nginjil lan mulang wong liya nganggo basa Rusia. Kami wis beberapa kali péngin pindhah ing negara liya, tapi mesthi ora sida. Kami wis mikir ora bakal isa pindhah. Terus, ana sedulur sing nyemangati kami.” Akhiré, Darren karo Dawn mulai nggolèk-nggolèk negara endi sing butuh luwih akèh penginjil lan cocog karo keadaan meréka. Taun 2011 meréka pindhah ing Bulgaria.

Darren karo Dawn

 Ana akèh sedulur sing akhiré gelem nglayani ing negara liya merga krungu pengalamané para sedulur sing wis nglayani ing negara liya. Giada karo bojoné, Luca, asalé saka Italia. Giada ngomong, ”Aku ketemu karo sedulur sing pindhah ing Amerika Selatan lan Afrika. Meréka bahagia banget. Aku ya dadi péngin.”

Luca karo Giada

 Tomasz karo Veronika asalé saka Republik Ceko. Taun 2015, meréka karo anak-anaké, Klara lan Mathias, pindhah ing Bulgaria. Ngapa kok meréka gelem pindhah? Tomasz njawab, ”Kami maca pengalamané para sedulur. Malah, ana keluargaku sing ya nglayani ing negara liya. Meréka bahagia banget. Mulané kami ya péngin kaya ngono.” Saiki, Tomasz sak keluarga nglayani ing Montana, Bulgaria.

Klara, Tomasz, Veronika, karo Mathias

 Conto liyané yaiku Linda. Linda ngomong, ”Wektu aku dolan ing Ekuador, aku ketemu karo para sedulur saka negara liya sing pindhah kanggo nglayani ing Ekuador. Aku ya dadi péngin.” Petteri karo Nadja asalé saka Finlandia. Meréka ngomong, ”Ing jemaat kami mbiyèn, ana sedulur-sedulur sing tau nglayani ing negara liya. Nèk dikongkon crita, meréka semangat banget. Meréka ngomong nèk nglayani ing negara liya kuwi pengalaman sing luar biasa.”

Linda

Nadja karo Petteri

Nggawé Rencana

 Nèk péngin pindhah ing negara liya, kudu nggawé rencana sik. (Lukas 14:28-30) Nele saka Belgia crita, ”Aku ndonga sik. Terus, aku nggolèk artikel saka organisasi soal pindhah ing negara liya. Kuwi tak waca tenanan bèn ngerti apa sing kudu tak siapké.”

Nele (sing tengen)

 Kristian karo Irmina saka Polandia, tapi wis sangang taun pindhah ing Bulgaria. Sakdurungé pindhah, meréka mèlu kelompok basa Bulgaria ing Polandia. Sedulur-sedulur ing kelompok kuwi mbantu meréka sinau basa Bulgaria. Kristian karo Irmina ngomong, ”Kami ora gela nggawé keputusan iki. Yéhuwah bener-bener ngopèni kami. Ora ana sing ora mungkin nèk awaké dhéwé réla nglayani Yéhuwah.”​—Yésaya 6:8.

Kristian karo Irmina

 Reto karo Cornelia asalé saka Swiss. Bèn isa pindhah ing negara liya, meréka nabung sik. Meréka crita, ”Setaun sakdurungé pindhah, kami dolan ing Bulgaria selama seminggu bèn ngerti ing kono kuwi kaya apa. Terus, kami ya dikèki saran karo utusan injil sing wis suwé ing kono.” Hasilé, Reto karo Cornelia wis 20 taun luwih nglayani ing Bulgaria.

Cornelia karo Reto, lan anak-anaké, Luca karo Yannik

Bèn Isa Betah

 Pindhah ing negara liya kuwi ora gampang. (Kisah 16:9, 10; 1 Korintus 9:19-23) Sing paling angèl kuwi biasané sinau basa. Luca ngomong, ”Biasané nèk koméntar kami ora maca. Tapi, arep koméntar sithik waé ing basa Bulgaria kuwi angèl banget, karo cah cilik waé kalah.”

 Ravil sing asalé saka Jerman ngomong, ”Sinau basa kuwi angèl, tapi aja spaneng. Nèk salah, diguyu waé. Aku ora nganggep iki dadi beban. Tapi, iki bukti nèk aku réla nglayani Yéhuwah.”

Ravil karo Lilly

 Linda ngomong, ”Menurutku, sinau basa kuwi ora gampang, apa manèh basa Bulgaria kuwi angèl banget. Wong liya ora ngerti aku ngomong apa, aku ya ora ngerti wong liya ngomong apa. Dadi, aku ngrasa cilik ati. Bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah, aku persiapan kanggo pertemuan ibadah lan sinau dhéwé nganggo basaku, basa Swedia. Merga diajari karo para sedulur, akhiré aku isa basa Bulgaria.”

 Sedulur-sedulur sing pindhah ing negara liya mesthi ya kangen karo keluarga lan kanca-kancané. Contoné Eva karo Yannis. Eva ngomong, ”Awalé aku kesepian. Tapi kami tetep telpon-telponan lan chat karo kanca lan keluarga. Kami ya nggolèk kanca ing kéné.”

Yannis karo Eva

 Conto liyané yaiku Robert karo Liana sing asalé saka Swiss. Meréka crita, ”Basa Bulgaria kuwi angèl. Budaya ing kéné karo ing Swiss kuwi ya béda. Terus, nèk pas musim salju, ing kéné hawané adhem banget.” Tapi, Robert karo Liana ora nganggep kuwi kabèh beban. Hasilé, nganti saiki meréka wis 14 taun nglayani ing Bulgaria.

Robert karo Liana

Berkahé

 Lilly nyritakké berkahé merga dhèwèké nglayani ing negara liya. Lilly ngomong, ”Aku bener-bener ngrasakké bantuané Yéhuwah. Aku ya isa luwih akèh mbantu wong liya sinau Alkitab. Aku dadi tambah akrab karo Yéhuwah, lan aku bahagia.” Bojoné, Ravil, ya ngomong, ”Aku seneng banget isa kenal karo sedulur-sedulur saka negara liya sing trampil mulang Alkitab. Aku isa sinau akèh saka meréka.”

 Merga akèh sedulur gelem pindhah ing dhaérah liya, hasilé ”kabar apik soal Kerajaan” isa tekan ”ing kabèh wilayah ing bumi”. (Matius 24:14) Sedulur-sedulur sing pindhah ing Bulgaria wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mbantu lan mberkahi meréka.​—Mazmur 20:1-4.