Langsung mlebu

Perjalanan Nginjil ing Sungai Maroni

Perjalanan Nginjil ing Sungai Maroni

 Ana akèh wong saka bangsa, suku, lan basa sing béda-béda manggon ing hutan hujan Amazon ing Amerika Selatan. Mula, ing sasi Juli 2017, ana 13 Seksi Yéhuwah sing lunga kanggo nginjil ing dhaérah sekitar Sungai Maroni lan anak sungainé sing ana ing Guyana Prancis.

Persiapan kanggo Perjalanan Nginjil

 Sesasi sakdurungé, kabèh sing arep mèlu ngumpul dhisik kanggo nggawé rencana. Perjalanan nginjil iki suwéné 12 dina. Winsley sing mèlu perjalanan nginjil iki ngomong, ”Sing pertama kuwi nggolèk informasi soal lingkungan lan sejarahé dhaérah kuwi. Bar kuwi mikirké apa waé sing kudu disiapké kanggo perjalanan iki.” Kabèh sing mèlu kudu nggawa kothak sing tahan air kanggo nyimpen tempat tidur gantung lan kelambu. Terus, bèn isa tekan ing dhaérah kuwi, wong-wong sing mèlu kudu ping pindho numpak pesawat lan numpak prau berjam-jam.

Claude lan Lisette

 Piyé tanggepané wong-wong sing éntuk undangan? Claude lan Lisette, sing umuré kira-kira 60 taun, langsung nampa undangan kuwi. Claude ngomong, ”Aku seneng banget, ning ya rada wedi. Akèh sing ngomong nèk arusé sungai kuwi deres banget.” Terus, Lisette ngomong, ”Aku dhéwé ya kuwatir merga aku ora isa ngomong nganggo basané wong Indian-Amerika.”

 Mickaël sing ya mèlu perjalanan nginjil iki ngomong, ”Aku lan para sedulur ora pati ngerti soal suku Wayana. Dadi, aku nggolèk informasi soal piyé carané omong-omongan nganggo basané wong-wong kuwi.”

 Shirley lan bojoné, sing jenengé Johann, nggawé daftar basa apa waé sing digunakké wong-wong sing manggon ing dhaérah sekitaré Sungai Maroni. Shirley ngomong, ”Aku lan bojoku download vidéo saka jw.org ing akèh basa sing digunakké ing kono. Aku lan bojoku ya sinau saka buku sing isiné kalimat-kalimat dhasar ing basa Wayana.”

Tekan ing Dhaérahé Wong Indian-Amerika

 Dina Selasa tanggal 4 Juli, wong-wong kuwi numpak pesawat saka Saint-Laurent du Maroni menyang kutha cilik sing jenengé Maripasoula ing Guyana Prancis.

 Saksuwéné 4 dina, kelompok kuwi nginjil ing désa-désa sekitaré hulu Sungai Maroni nggunakké prau sing disebut pirogues. Roland sing ya mèlu kelompok kuwi ngomong, ”Wong-wong Indian-Amerika seneng banget wektu ngrembug soal Alkitab lan nduwé akèh pitakonan. Terus, ya ana sing kepéngin sinau Alkitab.”

 Ing salah siji désa, Johann lan Shirley ketemu pasangan enom sing seduluré lagi waé bunuh dhiri. Johann ngomong, ”Wektu aku lan Shirley nyetèlké vidéo Penduduk Asli Amerika yang Menemukan Pencipta *, pasangan kuwi ngrasa trenyuh. Bèn isa terus komunikasi, pasangan kuwi mènèhi aku alamat e-mailé.”

 Terus, kelompok kuwi nglanjutké perjalanan menyang Antécume Pata. Kuwi dhaérah ing hulu Sungai Maroni, lan kuwi dhaérah sing paling adoh sing ditekani karo wong-wong kuwi. Kepala désa ing kono ngijinké Seksi-Seksi Yéhuwah masang tempat tidur gantungé ing panggonan umum lan adus ing sungai, kaya penduduk ing kono.

 Bar kuwi, kelompok kuwi lunga ing désa Twenké. Ing désa kuwi, ana penduduké sing lagi sedhih merga ditinggal mati karo wong sing ditresnani. Éric salah siji koordinator perjalanan kuwi ngomong, ”Aku lan para sedulur diijinké mlebu désa karo kepala sukuné kanggo nguwatké wong-wong sing lagi sedhih. Kepala désa lan keluargané seneng banget wektu diwacakké ayat-ayat saka Alkitab basa Wayana. Aku lan para sedulur ya nyetèlké vidéo sing nduduhké janjiné Gusti Allah soal kebangkitan.”

Lunga ing Grand-Santi lan Apatou

 Saka Maripasoula, perjalanané dilanjutké menyang Grand-Santi, sing ana ing hilir Sungai Maroni. Para sedulur kudu numpak pesawat kira-kira setengah jam. Ing dina Selasa lan Rebo, para sedulur nginjil marang penduduk ing kono. Dina Kemisé, para sedulur nglanjutké perjalanan ing désa Apatou sing suwéné limang jam setengah liwat Sungai Maroni.

Sungai Maroni lan hutan hujan Amazon ana ing antarané Maripasoula lan Grand-Santi

 Ing dina sakdurungé perjalanan nginjil kuwi rampung, wong-wong kuwi nekani désané suku Maroons. Suku Maroons kuwi keturunané budhak saka Afrika sing digawa ing Amerika Selatan wektu Suriname lagi dijajah. Seksi Yéhuwah ngundang wong-wong teka ing pakumpulan ibadahé sing dianakké ing téndha gedhé ing tengah hutan. Claude ngomong, ”Aku seneng banget wektu ndelok ana akèh sing teka, padahal wong-wong kuwi lagi waé diundang ésuk kuwi.” Karsten, sing lagi sepisanan iki mèlu perjalanan nginjil ing dhaérah pelosok, nyampèkké ceramah umum ing basa Aukan sing judhulé ”Begini Sajakah Hidup Ini?”. Wektu kuwi, ana 91 wong sing teka saka désa sing béda-béda.

”Aku Gelem Mèlu Kegiatan Kaya Ngéné Manèh!”

 Akhiré, para sedulur bali ing Saint-Laurent du Maroni. Kabèh ngrasa seneng banget merga akèh sing gelem nampa publikasi lan nonton vidéo-vidéo saka Seksi Yéhuwah.

 Lisette ngomong, ”Aku seneng banget isa mèlu perjalanan nginjil iki. Aku nganti ora ngerti kudu ngomong apa.” Cindy ya ngomong, ”Nèk ana kesempatan manèh, aku gelem mèlu. Bèn ngerti rasa senengé, njenengan ya kudu nyoba kegiatan iki.”

 Para sedulur sing mèlu perjalanan nginjil iki péngin mèlu manèh. Mickaël ngomong, ”Aku gelem mèlu kegiatan kaya ngéné manèh!” Winsley saiki wis pindhah ing Saint-Laurent du Maroni. Claude and Lisette ya mutuské kanggo pindhah ing Apatou.

^ Kuwi ana ing jw.org.