Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngajèni Agama Liya?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngajèni Agama Liya?

 Seksi-Seksi Yéhuwah manut kandhané Alkitab supaya ’ngajèni wong kabèh’ora soal apa agamané. (1 Pétrus 2:17) Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah ora meksa pamréntah supaya nglarang ibadahé agama liya senajan ing negara kuwi cacahé Seksi Yéhuwah akèh. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ora ngupaya supaya digawèkaké hukum sing ngatur supaya wong-wong manut kapercayané Seksi Yéhuwah. Kosok baliné, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni agama liya bèn iya diajèni.—Matéus 7:12.