Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yèn Bumi Iki Digawé Mung Nem Dina?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yèn Bumi Iki Digawé Mung Nem Dina?

 Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Gusti Allah sing nggawé apa waé. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya yèn bumi iki digawé mung nem dina. Apa sebabé? Merga kuwi ora cocog karo Alkitab. Gatèkna rong conto iki:

  1.   Suwéné Yéhuwah nggawé langit lan bumi. Ana sing percaya yèn bumi iki digawé mung nem dina, saben dina suwéné 24 jam. Tembung ”dina” ing Alkitab kuwi suwéné ora mesthi 24 jam, ning bisa waé wektu sing suwé banget.​—Purwaning Dumadi 2:4; Jabur 90:4.

  2.   Umuré Bumi. Ana sing kandha yèn Bumi iki umuré lagi éwonan taun. Ning, miturut Alkitab, Bumi lan jagat raya wis ana sakdurungé Yéhuwah nggawé pepadhang ing dina kapisan. (Purwaning Dumadi 1:1) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora nentang bukti-bukti sing nduduhaké yèn umuré bumi mbokmenawa wis miliaran taun.

 Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Gusti Allah sing nggawé apa waé lan Seksi-Seksi Yéhuwah dudu wong sing ora percaya karo ilmu pengetahuan. Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Alkitab kuwi cocog karo ilmu pengetahuan.