Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?

 Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké akèh Alkitab sing wis dialih basa kanggo sinau Alkitab. Nèk wis ana ing basané, Seksi-Seksi Yéhuwah luwih seneng nggunakaké Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru, merga kitab suci iki nulis jenengé Gusti Allah, cocog karo asliné, lan cetha.

  •   Nulis jenengé Gusti Allah. Ana lembaga Alkitab sing ora ngajèni Gusti Allah, Sing Ngarang Alkitab. Contoné, ana Alkitab sing nulis luwih saka 70 jeneng wong sing mèlu nerjemahaké Alkitab. Ning, jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, ora ditulis babar blas.

     Kosok baliné, Alkitab Terjemahan Dunia Baru nulis jenengé Gusti Allah, nganti ping éwonan kaya tulisan asliné. Wong-wong sing mèlu nerjemahaké Alkitab iki malah ora ditulis jenengé.

  •   Cocog karo asliné. Ora kabèh Alkitab dialih basa nurut tulisan asliné. Contoné, ana Alkitab sing nulis ing Matéus 7:​13, ”Mlebua liwat lawang sing ciyut, merga lawang lan dalan sing tumuju neraka iku gedhé lan jembar, lan akèh sing liwat kono.” Kamangka, tulisan asliné ora nggunakaké tembung ”neraka”, ning ”mati saklawasé”. Mbokmenawa, wong-wong sing nerjemahaké nggunakaké tembung ”neraka” merga percaya nèk wong jahat bakal disiksa sakterusé ing neraka. Ning, kuwi ora cocog karo ajarané Alkitab. Mula, Alkitab Terjemahan Dunia Baru nulis padha karo tulisan asliné, ”Mlebua liwat lawang sing ciyut; merga jembar lan amba dalané sing tumuju mati saklawasé”.

  •   Cetha. Alkitab sing apik kuwi ora mung cocog karo tulisan asliné, ning iya kudu cetha lan gampang dingertèni. Gatèkna conto ing Matéus 5:3. Yésus nggunakaké tembung sing artiné ”wong sing mlarat ing ngarsané Gusti Allah”. Merga tembung kuwi angèl dingertèni, Terjemahan Dunia Baru nulis ayat kuwi dadi ”wong sing éling lan kepéngin nyedhak karo Gusti Allah”. Tembung kuwi luwih gampang dingertèni.

 Sakliyané nulis jenengé Gusti Allah, cocog karo asliné, lan cetha, Alkitab Terjemahan Dunia Baru béda karo Alkitab liyané merga ora didol, ning dibagèkaké gratis. Dadi, akèh wong bisa maca Alkitab ing basané dhéwé, klebu wong sing ora bisa tuku Alkitab.