Langsung mlebu

Akèh sing Mara ing Kantor Cabang Amerika Tengah

Akèh sing Mara ing Kantor Cabang Amerika Tengah

Taun 2015, ana kira-kira 175.000 sing tour ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Meksiko. Kuwi kantor sing ngawasi gawéan nginjil ing Amerika Tengah. Sing mara mrono rata-rata 670 saben dinané. Akèh rombongan sing mara kudu ngupayakaké perjalanan pirang-pirang dina nyéwa bis. Ana sing kudu nggawé persiapan pirang-pirang sasi sakdurungé.

”Proyèk Bètel”

Ana sing kudu ngupaya tenanan bèn bisa mara ing kantor cabang, utawa Bètel. Contoné, akèh-akèhé anggota jemaat sing ana ing Veracruz, Meksiko, ora nduwé dhuwit kanggo numpak bis sing adohé 550 kilomèter. Anggota jemaat ing kana nggawé rencana sing disebut ”Proyèk Bètel”. Ing proyèk iki, anggota jemaat dibagi dadi kelompok-kelompok sing nggawé lan ngedol panganan. Uga, nggawé barang-barang saka botol bekas. Sakwisé telung sasi, dhuwit hasil proyèk kuwi bisa dienggo numpak bis.

Apa upaya kuwi ana hasilé? Para sedulur ing jemaat Veracruz yakin yèn rencana kuwi bakal ana hasilé. Sedulur lanang enom saka jemaat mau sing jenengé Lucio kandha, ”Tour ing Bètel nggawé aku nduwé cita-cita rohani, lan saiki aku luwih semangat ngabdi ing jemaat.” Elizabeth sing umuré 18 taun kandha, ”Wektu tour ing Bètel, aku ndelok lan ngrasakaké tresna sing sejati saka wong-wong sing ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi nggawé aku luwih semangat ngabdi marang Yéhuwah. Mula, saiki aku dadi perintis.”

Ana Éwonan sing Mara

Wis tau ana pengalaman, sedina sing mara ana éwonan wong. Para sedulur ing Bagéan Tour kerja keras bèn bisa ngatur tour. Sedulur wédok sing jenengé Lizzy kandha, ”Nyenengaké tenan ndelok akèh sing mara. Imanku dadi saya kuwat merga sing teka ngajèni Bètel lan merga aku ngerti wong-wong kuwi wis nggawé pangurbanan kanggo mara ing Bètel.”

Saking akèhé sing teka, para sedulur saka bagéan liya ing Bètel ya mèlu mandhu tour. Senajan kudu kerja keras, para sedulur mau seneng ngancani wong-wong sing mèlu tour. Sedulur lanang sing jenengé Juan kandha, ”Sakwisé tour, aku ndelok para tamu seneng banget. Rasa senengé mèlu tour iki sebandhing karo apa sing wis dikurbanaké.”

”Bocah-Bocah Seneng Banget”

Bocah-bocah seneng mara ing Bètel. Sedulur wédok sing jenengé Noriko saka Departemen Komputer kandha, ”Aku takon karo cah cilik sing mèlu tour, péngin ora ngabdi ing Bètel? Cah cilik kuwi njawab, ’Péngin’.” Salah siji panggonan sing disenengi bocah-bocah yaiku ”Gang Kalèb”. Bocah-bocah bisa foto-foto karo gambaré Kalèb lan Sofia, tokoh-tokoh animasi saka video Dadi Kancané Yéhuwah. Noriko kandha, ”Bocah-bocah seneng banget.”

Bocah-bocah ngajèni banget gawéan sing ana ing Bètel. Contoné, cah lanang saka Meksiko sing jenengé Henry, nabung dhuwit ing cèlèngan babi sing arep disumbangaké wektu mara ing Bètel. Dhèwèké kandha, ”Tulung gunakna dhuwit iki kanggo nyétak luwih akèh wacan Alkitab.” Akhir suraté kandha, ”Maturnuwun wis kerja kanggo Yéhuwah.”

Panjenengan Diundang

Seksi-Seksi Yéhuwah ngundang panjenengan kanggo tour ing kantor cabangé sing ana ing akèh negara. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng yèn panjenengan bisa mara. Panjenengan mesthi seneng banget yèn bisa mèlu tour. Yèn panjenengan péngin éntuk katrangan luwih akèh bab tour, deloken bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH > KANTOR & TOUR.