Langsung mlebu

Petunjuk kanggo Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil

Petunjuk kanggo Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil

Daftar Isi

1. Petunjuk iki bermanfaat kanggo kabèh sing éntuk tugas ing Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Sing éntuk tugas kudu ndelok petunjuk kanggo bagéané ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil lan petunjuk ing dokumèn iki pas persiapan. Kabèh penginjil isa dikèki tugas siswa. Sing durung dadi penginjil ya isa dikèki tugas siswa, tapi dhèwèké kudu wong sing rajin teka ngibadah, setuju karo ajaran ing Alkitab, lan ngetrapké pathokan ing Alkitab. Nèk ana sing péngin ndaftar bèn isa éntuk tugas siswa, pengawas Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil kudu mbahas persyaratané lan ngandhani dhèwèké wis memenuhi syarat apa durung. Persyaratané kuwi padha karo persyaratan kanggo dadi penginjil. Sing mandhu sinau Alkitab (utawa wong tuwa sing Seksi Yéhuwah) kudu mèlu pas pembahasan.—od-IN Bab 8 par. 8.

 PEMBUKA

2. Sak menit. Sakwisé lagu lan donga pembuka, ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil bakal nyemangati para sedulur bèn isa menikmati acara pertemuan ibadahé. Ketua perlu nyebutké hal-hal sing paling bermanfaat kanggo jemaat.

  SINAU SAKA ALKITAB

 3Ceramah: Sepuluh menit. Ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil, ana judhul lan rangka sing isiné loro utawa telu gagasan utama. Bagéan iki ditugaské kanggo pinituwa utawa abdiné jemaat sing trampil. Nèk minggu kuwi pembacaan Alkitabé mbahas buku Alkitab sing anyar, vidéo soal buku Alkitab kuwi bakal disetèl. Wektu ceramah, vidéo kuwi isa dikaitké karo téma ceramahé. Tapi sing ceramah kudu mastèkké kabèh gagasan utama ing rangka dijelaské. Nèk wektuné isih cukup, dhèwèké isa mbahas gambar sing dirancang kanggo bagéan iki. Dhèwèké ya isa nggunakké réferènsi liyané sing cocog karo gagasan ing rangka.

 4Wulangan Penting: Sepuluh menit. Iki bagéan tanya jawab. Ora perlu nganggo kata pengantar utawa penutup. Bagéan iki ditugaské kanggo pinituwa utawa abdiné jemaat sing trampil. Kabèh pertanyaan ing bagéan iki kudu ditakonké. Sing mandhu isa nentokké ayat sing dikutip arep diwaca apa ora. Sing ditunjuk nèk isa njawabé 30 detik utawa kurang.

 5Maca Alkitab: Patang menit. Bagéan iki ditugaské kanggo siswa lanang. Wektu maca, ora perlu nganggo kata pengantar utawa penutup. Ketua perlu nggatèkké apa macané bener, lancar, wajar, penandasané pas, nada swarané cocog, jedané pas, lan apa siswa paham karo sing diwaca. Ayat-ayat sing diwaca ana sing dawa lan ana sing cendhèk. Dadi, pengawas Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil kudu mikirké sapa siswa sing cocog ditugaské kanggo maca.

 DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

6. Limalas menit. Bagéan iki dirancang kanggo latihan nginjil bèn isa luwih trampil omong-omongan, martakké kabar apik, lan mulang. Kadhang, pinituwa ya isa dikèki tugas iki. Siswa kudu ngupaya ngetrapké pelajaran saka brosur Maca lan Mulang utawa Sayang Kabèh Wong. Pelajaran sing kudu diupayakké ana ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil sing ditulis ing njero tandha kurung. Kadhang, ing bagéan iki ana rembugan sing disampèkké pinituwa utawa abdiné jemaat sing trampil.—Deloken  paragraf 15 soal carané nyampèkké bagéan rembugan.

 7Mulai Omong-omongan: Tugas iki kanggo siswa lanang utawa wédok. Nèk asistèné lawan jenis, kuwi kudu anggota keluargané. Siswa lan asistèné isa lungguh utawa ngadeg.—Bèn ngerti keterangan soal apa sing disampèkké lan piyé adegané, deloken  paragraf 12 lan  13.

 8Mupuk Minat: Tugas iki kanggo siswa lanang utawa wédok. Asistèné ora éntuk lawan jenis. (km-IN 5/97 hlm. 2) Siswa lan asistèné isa lungguh utawa ngadeg. Siswa kudu nyampèkké apa sing isa diomongké wektu nglanjutké omong-omongan karo wong sing tau dikabari.—Bèn ngerti keterangan soal apa sing disampèkké lan piyé adegané, deloken  paragraf 12 lan  13.

 9Ndadèkké Murid: Tugas iki kanggo siswa lanang utawa wédok. Asistèné ora éntuk lawan jenis. (km-IN 5/97 hlm. 2) Siswa lan asistèné isa lungguh utawa ngadeg. Adegané wektu lagi mandhu pelajaran Alkitab. Ora perlu nganggo kata pengantar utawa penutup kecuali pelajaran sing diupayakké mémang soal kuwi. Ora kabèh bahané perlu diwaca, tapi nèk arep diwaca ya ora apa-apa.

 10Njelaské Kepercayaané Njenengan: Nèk iki ceramah, ditugaské kanggo siswa lanang. Nèk iki adegan, ditugaské kanggo siswa lanang utawa wédok. Nèk asistèné lawan jenis, kuwi kudu anggota keluargané. Siswa isa njelaské nganggo réferènsi sing wis disedhiakké. Wektu njelaské kudu jelas lan wicaksana. Siswa isa milih arep nyebutké soal réferènsiné apa ora wektu nyampèkké tugasé.

 11Ceramah: Bagéan iki ceramah kanggo jemaat lan ditugaské kanggo siswa lanang. Nèk bahané saka salah siji nomer ing Lampiran A brosur Sayang Kabèh Wong, siswa kudu njelaské piyé ayat ing nomer kuwi digunakké wektu nginjil. Misalé, njelaské kapan ayat kuwi isa diwacakké, apa artiné ayat kuwi, lan piyé carané njelaské ayat kuwi karo wong liya. Nèk bahané saka salah siji nomer ing pelajaran brosur Sayang Kabèh Wong, siswa kudu njelaské piyé carané ngetrapké kuwi wektu nginjil. Nèk cocog, dhèwèké ya isa mbahas conto ing nomer 1 saka pelajaran kuwi utawa njelaské ayat-ayat sing ana ing pelajaran kuwi.

   12Sing Disampèkké: Keterangan ing paragraf 12 lan 13 iki kanggo tugas ”Mulai Omong-omongan” lan ”Mupuk Minat”. Nèk ora ana petunjuk khusus, siswa isa nyampèkké siji ajaran Alkitab sing sesuai karo minaté wong sing dijak omong lan nduduhké piyé carané bèn suk isa nglanjutké omong-omongané. Siswa kudu milih topik sing cocog lan lagi akèh diomongké karo wong-wong ing dhaérahé. Siswa isa milih arep nawakké wacan utawa nyetèlké vidéo saka Alat-Alat kanggo Mulang apa ora. Timbang mung ngapalké kata-kata, siswa kudu latihan bèn luwih trampil omong-omongan, luwes, lan perduli.

   13Adegan: Siswa kudu nggunakké adegan sing ditugaské lan nyesuaikké kuwi karo piyé umumé nèk nginjil ing dhaérahé. Misalé:

  1.  (1) Ing Omah-Omah: Iki maksudé nginjil ing omah-omah, isa ketemu langsung, liwat télpon, utawa surat. Nèk tugasé ”Mupuk Minat”, kuwi berarti nglanjutké omong-omongan karo wong sing dikabari wektu nginjil ing omah-omah.

  2.  (2) Pas Ketemu Sapa Waé: Iki maksudé nggolèk kesempatan kanggo ngekèki kesaksian wektu ngobrol-ngobrol biasa. Misalé, crita soal isiné Alkitab karo wong sing ditemoni pas njenengan kerja, sekolah, numpak transportasi umum, utawa karo tangga lan sapa waé sing ditemoni pas kegiatan sehari-hari.

  3.  (3) Ing Panggonan Umum: Adegan iki termasuk jaga gerai, nginjil ing dhaérah bisnis, pinggir dalan, taman, parkiran, utawa ing endi waé isa ketemu wong.

 14Nawakké Wacan lan Vidéo: Siswa éntuk nawakké wacan utawa vidéo nèk situasiné cocog. Nèk ana petunjuk kanggo nyetèlké vidéo utawa nèk siswané péngin nyetèlké vidéo, dhèwèké isa nduduhké lan ngrembug vidéo kuwi tapi vidéoné aja disetèl tenan.

  URIPÉ WONG KRISTEN

15. Sakwisé lagu, ana siji utawa loro bagéan sing tujuané kanggo mbantu sing teka ngetrapké isiné Alkitab. Kabèh bagéan kuwi wektuné 15 menit. Nèk ora ana petunjuk khusus, bagéan-bagéan kuwi isa ditugaské kanggo pinituwa utawa abdiné jemaat sing trampil. Kebutuhané jemaat kudu disampèkké pinituwa. Nèk bagéané rembugan, sing mandhu éntuk ngekèki pertanyaan tambahan. Kata pengantaré singkat waé bèn wektuné cukup kanggo nyampèkké gagasan utama lan bèn sing teka isa mèlu njawab. Nèk ana wawancara, nèk isa sing diwawancara ana ing panggung, ora ing lungguhané.

  16Sinau Alkitab Jemaat: Telung puluh menit. Bagéan iki ditugaské kanggo pinituwa sing memenuhi syarat. (Nèk jumlah pinituwané sithik, bagéan iki isa ditugaské kanggo abdiné jemaat sing memenuhi syarat.) Badan pinituwa kudu mutuské sapa sing memenuhi syarat kanggo mandhu Sinau Alkitab Jemaat. Wektu mandhu bagéan iki, mandhuné kudu apik, tepat waktu, ngrembug ayat-ayat kunciné, lan mbantu sing teka ngerti carané ngetrapké. Sing disetujui kanggo mandhu kudu ndelok petunjuk soal carané mandhu bagéan tanya jawab. (w23.04 hlm. 24, kothak) Nèk bahané wis dirembug kabèh, pembahasané isa diakhiri meskipun durung 30 menit. Nèk isa, saben minggu sing mandhu lan sing maca ganti-ganti. Nèk ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil njaluk bèn bagéan iki disingkat, sing mandhu kudu mikirké carané bèn pembahasané isa luwih singkat. Sing mandhu isa mutuské beberapa paragraf ora diwaca.

  PENUTUP

17. Telung menit. Ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil bakal nyebutké hal-hal bermanfaat sing wis dirembug ing pertemuan ibadah. Dhèwèké ya kudu nyebutké beberapa bahan sing bakal dirembug minggu berikuté. Nèk isih ana wektu, dhèwèké ya isa nyebutké jenengé siswa sing éntuk tugas minggu berikuté. Nèk ora ana petunjuk khusus, ketua bakal macakké pengumuman lan surat kanggo jemaat. Informasi rutin, misalé soal pertemuan sakdurungé nginjil utawa jadwal resik-resik, ora éntuk diumumké saka mimbar. Informasi kuwi isa dipajang ing papan pengumuman. Nèk wektuné ora cukup kanggo nyampèkké pengumuman lan macakké surat, ketua isa ngomong karo sedulur sing éntuk bagéan ing Uripé Wong Kristen kanggo nyingkat bagéané. (Deloken  paragraf 16 lan  19.) Pertemuan ibadahé diakhiri nganggo lagu lan donga.

  PUJIAN LAN NASÉHAT

18. Bar saben siswa rampung nyampèkké tugasé, ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil isa ngekèki pujian lan naséhat berdasarkan pelajaran sing diupayakké siswa kuwi. Wektuné sak menit. Pas nyebutké tugas siswa, ketua ora bakal ngumumké pelajaran sing diupayakké siswa. Tapi, bar siswa rampung nyampèkké tugasé lan dipuji, ketua éntuk nyebutké pelajaran sing diupayakké siswa kuwi. Ketua ya isa nyebutké ngapa kok siswa kuwi wis berhasil ngetrapké pelajaran sing diupayakké utawa apa sing perlu diupayakké manèh lan piyé carané. Ketua ya isa ngoméntari hal liyané sing bermanfaat kanggo siswa utawa sing teka. Naséhat liyané berdasarkan brosur Sayang Kabèh Wong, Maca lan Mulang, utawa buku Sekolah Pelayanan, embuh kuwi soal pelajaran sing diupayakké utawa pelajaran liyané, isa disampèkké secara pribadi sakwisé pertemuan ibadah utawa pas kesempatan liyané.—Bèn ngerti keterangan luwih akèh soal tugasé ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil lan penaséhat ékstra, deloken  paragraf 19,  24, lan  25.

     WEKTU

19. Kabèh bagéan, termasuk bagéané ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil, wektuné ora éntuk kepunjulen. Ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil mémang wis ana keterangan wektuné, tapi nèk bagéan sing disampèkké wis rampung sakdurungé wektu sing ditentokké, ora perlu didawak-dawakké bèn wektuné pas. Nèk ana sing wektuné kepunjulen, ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil utawa penaséhat ékstra perlu ngekèki naséhat secara pribadi kanggo sing nyampèkké bagéan kuwi. (Deloken  paragraf 24 lan  25.) Pertemuan ibadahé, termasuk lagu lan donga, ora éntuk punjul saka 1 jam 45 menit.

 KUNJUNGAN PINITUWA WILAYAH

20. Pas kunjungan pinituwa wilayah, acara pertemuan ibadahé sesuai karo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil, tapi Sinau Alkitab Jemaat diganti karo kotbah dinas pinituwa wilayah sing suwéné 30 menit. Sakdurungé kotbah dinas, ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil bakal nyebutké apa waé sing wis dirembug ing pertemuan ibadah, apa sing bakal dibahas minggu berikuté, macakké pengumuman, macakké surat, lan nyebutké judhul kotbah dinas pinituwa wilayah. Sakwisé kotbah dinas, acarané bakal diakhiri pinituwa wilayah nganggo lagu lan donga. Pinituwa wilayah isa milih laguné lan éntuk njaluk tulung sedulur liyané kanggo nyampèkké donga penutup. Selama kunjungan pinituwa wilayah, ora ana tugas siswa ing ruang tambahan. Pas pinituwa wilayah ngunjungi sidang induk, kelompok basa liya tetep éntuk mbahas acara pertemuan ibadah nganggo basané dhéwé kaya biasané. Tapi pas pinituwa wilayah nyampèkké kotbah dinas, kelompok kuwi kudu mèlu ngrungokké bareng karo sidang induk.

 PEKAN PERTEMUAN WILAYAH LAN GABUNGAN WILAYAH

21. Selama pekan pertemuan wilayah lan gabungan wilayah, ora ana pertemuan ibadah. Bahan kanggo pertemuan ibadah isa dipelajari dhéwé utawa dibahas karo keluarga.

 PEKAN PERINGATAN

22. Nèk acara Peringatané pas tengah pekan, ora ana Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil.

 PENGAWAS PERTEMUAN IBADAH URIP LAN NGINJIL

23. Badan pinituwa bakal milih siji pinituwa dadi pengawas Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil. Pengawas kuwi nduwé tanggung jawab kanggo mastèkké pertemuan ibadahé sesuai karo petunjuk iki. Dhèwèké ya kudu kerja sama karo penaséhat ékstra. Nèk Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil sing anyar wis ana, pengawas Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil isa langsung nggawé jadwal pertemuan ibadah tengah pekan kanggo rong sasi. Iki mencakup milih sapa sing éntuk bagéan, sapa ketuané, lan sapa sing éntuk tugas siswa. (Deloken  paragraf 3-16 lan  24.) Wektu milih sapa sing éntuk tugas siswa, pengawas kudu mikirké umur lan pengalamané siswa, terus apa siswa kuwi dadi conto sing apik utawa leluasa nyampèkké topik sing ditugaské. Pengawas ya kudu mikirké kuwi wektu milih sapa sing éntuk tugas kanggo bagéan liyané. Kabèh tugas kudu dikèkké paling ora telung minggu sakdurungé tanggal tugas. Tugas siswa kudu dikèkké liwat formulir Tugas Perhimpunan Pelayanan dan Kehidupan Kristen (S-89-IN). Pengawas kudu mastèkké jadwal pertemuan ibadah dipajang ing papan pengumuman. Badan pinituwa isa milih pinituwa liyané utawa abdiné jemaat kanggo mbantu pengawas kuwi. Tapi, sing éntuk nentokké sapa sing bakal ditugaské kanggo bagéan sing dudu tugas siswa kuwi mung pinituwa.

    KETUA PERTEMUAN IBADAH URIP LAN NGINJIL

24. Saben minggu, ana siji pinituwa sing dadi ketua Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil. (Nèk jumlah pinituwané sithik, abdiné jemaat sing memenuhi syarat isa ditugaské dadi ketua.) Badan pinituwa bakal milih sapa waé pinituwa sing memenuhi syarat dadi ketua. Para pinituwa sing dipilih kuwi bakal gentènan dadi ketua. Bergantung situasiné jemaat, pengawas Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil isa luwih kerep dadi ketua timbang pinituwa liyané. Nèk pinituwa memenuhi syarat kanggo mandhu Sinau Alkitab Jemaat, biasané dhèwèké ya memenuhi syarat dadi ketua. Ketua bakal nyampèkké bagéan pembuka lan penutup. Nèk mèh maju ing bagéan berikuté, ketua bakal nyebutké sapa sing nyampèkké bagéan kuwi, lan ngomongé singkat waé. Nèk jumlahé pinituwa mung sithik, ketua ya isa nyampèkké bagéan liyané khususé nèk mung nyetèlké vidéo tanpa rembugan. Pas tugas siswa, ketua kudu apikan wektu ngekèki pujian lan naséhat sing bermanfaat kanggo siswa. Ketua ya kudu mastèkké pertemuan ibadahé rampung tepat waktu. (Deloken  paragraf 17 lan  19.) Nèk gelem lan panggonané cukup, ketua isa ngomong saka mikrofon sing ana ing sampingé mimbar wektu nyebutké bagéan berikuté bèn sing éntuk bagéan isa siap-siap ing mimbar. Ketua ya éntuk lungguh ing panggung wektu siswa nyampèkké bagéan maca Alkitab lan Ditrapké Wektu Nginjil. Kuwi isa luwih ngirit wektu.

   PENASÉHAT ÉKSTRA

25. Nèk isa, penaséhat ékstra kuwi pinituwa sing wis pengalaman nyampèkké ceramah. Tugasé ngekèki naséhat secara pribadi kanggo pinituwa lan abdiné jemaat soal tugas-tugas sing disampèkké, termasuk tugas ing Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil, ceramah umum, lan maca utawa mandhu Sinau Warta Penting utawa Sinau Alkitab Jemaat. Tapi penaséhat ékstra ora perlu selalu ngekèki naséhat saben pinituwa utawa abdiné jemaat nyampèkké tugasé. (Deloken  paragraf 19.) Nèk ing jemaat ana beberapa pinituwa sing trampil ceramah lan mulang, meréka isa gentènan dadi penaséhat ékstra saben taun.

 KELAS TAMBAHAN

26. Jemaat isa nggawé kelas tambahan kanggo tugas siswa bergantung jumlah siswané. Kudu ana penaséhat kanggo kelas tambahan, nèk isa pinituwa. Nèk dibutuhké, abdiné jemaat sing trampil banget isa ditugaské dadi penaséhat. Badan pinituwa isa nentokké sapa sing ditugaské dadi penaséhat lan apa perlu gentènan. Penaséhat kudu manut petunjuk ing  paragraf 18. Siswa isa pindhah ing kelas tambahan sakwisé Wulangan Penting ing bagéan Sinau saka Alkitab. Nèk tugas siswa sing terakhir wis rampung, kabèh kudu bali ing ruang utama.

 VIDÉO

27. Ana vidéo-vidéo sing disetèl ing pertemuan ibadah tengah pekan. Vidéo-vidéo kuwi ana ing aplikasi JW Library® lan isa didelok nganggo perangkat èlèktronik.

© 2023 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania

S-38-JA 11/23