Ayo Nyanyi kanggo Yéhuwah​—Lagu Anyar

Nyanyia lagu-lagu pamuji lan ibadah marang Yéhuwah. Undhuhen musik lan tulisan lagu anyar sing apik iki lan gunakna kanggo latian nyanyi.

LAGU 136

Wis Madeg Kratoné!

Lagu sing bisa nyemangati awaké dhéwé kanggo ngluhuraké Yéhuwah lan pamréntahané Sang Kristus.

LAGU 137

Tulungi Aku Bèn Kendel

Mèlua nyuwun marang Allah Yéhuwah supaya kendel martakaké asmané Yéhuwah.

LAGU 138

Yéhuwah Asma-Mu

Luhurna asma Yéhuwah sing mulya lan wartakna yèn Yéhuwah kuwi sing Mahaluhur.

LAGU 139

Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

Nyuwun marang Yéhuwah supaya njaga lan mbantu umaté bèn tetep setya saklawasé.

LAGU 140

Uripé Perintis

Duduhna katresnan marang Yéhuwah lan rasa seneng merga dadi perintis.

LAGU 141

Nggolèki sing Péngin Rukun karo Gusti

Lagu sing nyenengké bab katresnan lan upayané awaké dhéwé kanggo nggolèki wong-wong sing péngin rukun karo Gusti Allah.

LAGU 142

Martakké karo Kabèh sing Ditemoni

Nyanyia bab Yéhuwah sing apikan ati lan tugasé awaké dhéwé martakké kabar apik bèn kabèh dadi kancané Gusti.

LAGU 143

Sumber Padhang Sejati

Kabar saka Gusti, sumber padhang sejati.

LAGU 144

Nylametké Akèh Nyawa

Awaké dhéwé kudu martakké kabar apik saka Gusti mumpung isih ana wektu.

LAGU 145

Siap Nginjil

Awaké dhéwé kudu ngupaya semangat nginjil senajan luwih pénak turonan.

LAGU 146

Ditindakké kanggo Aku

Yésus nggatèkké wong-wong sing ndhukung lan mbantu wong-wong sing munggah swarga, lan dianggep kuwi kanggo dhèwèké.

LAGU 147

Pilihané Gusti

Yéhuwah nresnani putra-putra sing dipilih munggah swarga, lan putra-putra nindakké kersané Yéhuwah.

LAGU 148

Putra Siji-sijiné sing Dikurbanké

Maturnuwun marang Yéhuwah kanggo hadiah sing aji. Kuwi ngekèki pengarep-arep kanggo manungsa.

LAGU 149

Maturnuwun kanggo Tebusan

Tresna sing paling gedhé sing diduduhké yaiku tebusané Yésus, dadi alesan kanggo maturnuwun marang Yéhuwah saklawasé.

LAGU 150

Marani sing Mbutuhké

Duduhna rasa seneng wektu Yéhuwah nggunakké panjenengan bèn ngabdi cocog karo kersané.

LAGU 151

Para Putrané Yéhuwah Dadi Nyata

Awaké dhéwé ngarep-arep dinané wektu Yéhuwah ngangkat para seduluré Yésus munggah swarga, kanggo dadi raja lan ngrayakké menangé bareng karo Yésus.

LAGU 152

Kekuwatan, Pangarep-arep, Pracayaku

Wektu ngadhepi rasa kuwatir, Yéhuwah mènèhi kekuwatan lan pangarep-arep.

LAGU 153

Kepriyé Rasané?

Kepriyé rasané wektu panjenengan wis ngupaya nginjil marang wong-wong sing tulus atiné?

LAGU 154

Kudu Tetep Setya

Lagu kanggo mbantu awaké dhéwé tetep setya ngadhepi kasusahan lan ngabdi marang Yéhuwah.