Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Gulungan Kuna sing Akhiré Isa ”Kebukak”

Gulungan Kuna sing Akhiré Isa ”Kebukak”

ING taun 1970, para arkéolog nemokké gulungan sing wis kobong ing Ein Gedi, Israèl, yaiku cedhaké pesisir sisih kulon Laut Mati. Gulungan kuwi ditemokké ing bekas sinagogé sing diobong ing salah siji désa sing dihancurké kira-kira ing taun 500 lan 550 M. Merga wis rusak parah, gulungan kuwi isa hancur nèk dibukak. Ning, akhiré gulungan kuwi isa ”kebukak”, maksudé yaiku isa didelok isiné nganggo scanner 3-D. Isiné gulungan kuwi akhiré ya isa diwaca nganggo software gambar digital sing anyar.

Sakwisé di-scan, jebulé isiné gulungan sing isa diwaca kuwi yaiku ayat-ayat saka bagéan awal buku Kaimaman. Ing ayat-ayat kuwi, ana jenengé Gusti Allah sing ditulis nganggo Tetragramaton ing basa Ibrani. Gulungan kuwi kétoké digawé ing antarané taun 50 nganti 400 M. Dadi, iki gulungan kitab Ibrani sing paling kuna sing tau ditemokké, sakwisé Gulungan Laut Mati (Qumran). Gil Zohar nulis ing The Jerusalem Post, ”Sakdurungé gulungan Ein Gedi ditemokké, ana jarak kira-kira 1.000 taun antarané manuskrip Alkitab sing paling kuna, yaiku Gulungan Laut Mati (kira-kira saka taun 100 SM), lan manuskrip Alkitab sing paling kuna sakwisé kuwi, yaiku Kodeks Aleppo (kira-kira saka taun 930 SM).” Nurut para ahli, gulungan kuwi nduduhké nèk isiné kitab Taurat ora berubah senajan wis éwonan taun, lan kesalahan ing terjemahané ya ora ngubah maknané.