Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi Yéhuwah Apikan karo Asuku

Seksi Yéhuwah Apikan karo Asuku

NICK sing manggon ing Oregon, Amerika Serikat, nyritakké pengalamané sing apik. Dhèwèké ngomong ngéné, ”Aku nduwé asu loro. Pas awal taun 2014, aku ngejak jalan-jalan asuku ing pusat kota. Ing kono, aku ketemu karo Seksi Yéhuwah sing lagi jaga gerai. Seksi Yéhuwah kuwi pakaiané rapi-rapi, selalu senyum, lan nyapa kabèh wong sing liwat.

”Seksi Yéhuwah apikan ora mung karo wong-wong sing liwat thok, tapi ya karo asuku. Wektu kuwi Elaine, Seksi Yéhuwah sing lagi jaga gerai, mènèhi biskuit kanggo asuku. Sakwisé kuwi, saben liwat kono asuku mesthi péngin nyedhak gerai bèn isa éntuk biskuit manèh.

”Asuku seneng nèk pas liwat gerai merga kerep éntuk biskuit. Aku ya dadi isa ngobrol sedhéla karo Seksi Yéhuwah sing jaga gerai ing kono. Tapi, aku ora gelem terlalu akrab karo Seksi Yéhuwah. Umurku kuwi wis 70 taun luwih, lan aku ora ngerti sing diajarké Seksi Yéhuwah kuwi apa. Mbiyèn, aku ya kecéwa karo gréja-gréja sing tak tekani. Dadi nurutku luwih apik nèk sinau Alkitab dhéwé.

”Aku ya tau ndelok gerainé Seksi Yéhuwah ing panggonan liya. Seksi Yéhuwah sing jaga gerai ing kono ya apikan lan ramah. Nèk aku takon, njawabé selalu nganggo Alkitab. Kuwi nggawé aku semakin percaya karo Seksi Yéhuwah.

”Pas ketemu Elaine manèh, dhèwèké takon karo aku, ’Apa njenengan percaya nèk binatang kuwi hadiah saka Gusti Allah?’ Aku njawab, ’Ya mesthi lah.’ Terus, Elaine mbukakké Yésaya 11:6-9. Kèt kuwi, aku dadi péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab. Tapi, aku isih ora gelem nampa bacaané Seksi Yéhuwah.

”Sakwisé kuwi, aku beberapa kali mbahas topik sing menarik saka Alkitab karo Elaine lan bojoné, yaiku Brent. Brent karo Elaine ngongkon aku maca buku Matius nganti Kisah bèn isa ngerti wong Kristen kuduné piyé. Aku manut sarané wong loro kuwi. Ora suwé sakwisé kuwi, ing pertengahan taun 2016, aku sinau Alkitab karo Brent lan Elaine.

”Aku seneng banget isa sinau Alkitab lan teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah. Aku dadi ngerti apa sing sakjané diajarké ing Alkitab. Kira-kira setaun bar kuwi, aku dibaptis. Saiki umurku wis 79. Aku seneng banget merga ngerti endi agama sing bener. Yéhuwah wis narik aku bèn isa dadi umaté. Aku bener-bener bersyukur karo Yéhuwah.”