Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Fakta ing Alkitab

Fakta ing Alkitab

Ing Alkitab ana keterangan soal piyé awal mulané bumi. Ing Alkitab disebutké, ”Iki sejarahé langit lan bumi wektu kabèh digawé.” (Purwaning Dumadi 2:4) Apa keterangan ing Alkitab cocog karo ilmu pengetahuan? Ayo didelok fakta-faktané.

Awalé: Langit lan bumi diciptakké

Apa alam semesta ana awal mulané?

Ing Purwaning Dumadi 1:1 disebutké, ”Awalé Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”

Sakdurungé taun 1950, akèh ilmuwan sing percaya nèk alam semesta iki ora ana awal mulané. Tapi bar ditliti manèh, akèh ilmuwan saiki ngakoni nèk alam semesta iki mémang ana awal mulané.

Bumi jaman mbiyèn kuwi kaya apa?

Menurut Purwaning Dumadi 1:2, 9, bumi pas awal-awal diciptakké ”durung ana apa-apa lan kosong”, isiné mung banyu thok.

Keterangan kuwi cocog karo pendapaté para ilmuwan saiki. Ahli biologi sing jenengé Patrick Shih ngomong nèk pas awal-awal mbiyèn ing bumi ”ora ana oksigén . . . ora ana apa-apa”. Ing majalah Astronomy ya disebutké, ”Menurut penelitian terbaru, bumi jaman mbiyèn isiné mung banyu thok nganti daratané ora kétok.”

Awalé atmosfér piyé, terus dadi piyé?

Saka keterangan ing Purwaning Dumadi 1:3-5, awaké dhéwé isa ngerti nèk mbiyèn pas pertama kali cahaya nembus atmosfér bumi, sumber cahayané ora kétok. Terus, suwé-suwé matahari karo bulan isa kétok jelas pas didelok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:14-18.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk bumi sak isiné diciptakké 6x24 jam

Menurut Pusat Penelitian Lingkungan Smithsonian, mbiyèn cahaya sing tekan bumi mung redup gara-gara lapisan atmosfér. Menurut pusat penelitian kuwi, ”Pas awal mulané bumi, ana akèh banget métana ing bumi kaya kabut sing kandel. Terus, suwé-suwé métanané berkurang lan langit dadi kétok cerah.”

Piyé urutané makhluk hidup ing bumi?

Menurut Purwaning Dumadi 1:20-27, sing diciptakké kuwi iwak sik, terus manuk, kéwan darat, lan sing terakhir manungsa. Para peneliti ya ngomong nèk iwak wis ana suwé sakdurungé mamalia. Suwé bar kuwi lagi ana manungsa.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk makhluk hidup ora isa berubah dadi variasi baru

Keterangan sing Ora Ana ing Alkitab

Ana sing nganggep nèk keterangan ing Alkitab ora cocog karo hasil penelitian jaman saiki. Tapi kuwi merga wong-wong kuwi ora ngerti piyé sakjané keterangan ing Alkitab.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk alam semesta utawa bumi umuré lagi 6.000 taun. Pas nyritakké soal awal mulané alam semesta karo bumi, Alkitab mung nyebutké kata ”awalé”. (Purwaning Dumadi 1:1) Ing Alkitab ora ana keterangan kapan persisé alam semesta karo bumi ana.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk bumi sak isiné diciptakké 6x24 jam. Menurut Purwaning Dumadi bab 1, bumi sak isiné diciptakké suwéné enem dina. Ana sing ngira nèk kuwi berarti enem dina sing sedinané 24 jam. Tapi ing Alkitab, arti kata ”dina” maksudé isa waé wektu sing suwé banget. Misalé, ing Alkitab, suwéné bumi iki diciptakké kuwi mung dianggep sedina. (Purwaning Dumadi 2:4) Dadi pas nyritakké soal penciptaan, sedina kuwi ora mung 24 jam, tapi maksudé isa wektu sing suwé banget.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk saya suwé makhluk hidup ora isa berubah dadi variasi baru. Ing Purwaning Dumadi 1:24, 25 disebutké nèk Gusti Allah nyiptakké ”akèh jenis kéwan”. Kata ”jenis” ing ayat kuwi artiné luwih luas timbang sing dijelaské ing ilmu pengetahuan. Sing termasuk satu ”jenis” isa waé mencakup beberapa spésiès karo variasiné. Dadi misalé ing satu jenis ana spésiès atau variasi-variasi baru, kuwi isih cocog karo keterangan ing Alkitab.

Menurut njenengan piyé?

Keterangan ing Alkitab soal awal mulané alam semesta, soal bumi jaman mbiyèn, lan soal makhluk hidup kuwi bener lan ora rumit. Berarti, apa mungkin keterangan ing Alkitab soal Pencipta kuwi ya bener? Menurut Encyclopædia Britannica, ”Keterangan nèk awal mulané makhluk hidup kuwi saka sumber sing luar biasa, cocog karo penelitiané para ilmuwan jaman saiki.” *

^ par. 20 Encyclopædia Britannica iki ora lagi ngrembug nèk makhluk hidup diciptakké.