Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Faktané

Awaké dhéwé bakal terus nduwé prasangka nèk terus-terusan mikir èlèk soal wong liya. Terus, nèk awaké dhéwé mung akrab karo wong-wong sing latar belakangé padha karo awaké dhéwé, kuwi isa nggawé awaké dhéwé mikir nèk perasaan, tumindak, lan cara mikiré awaké dhéwé kuwi sing paling bener.

Kandhané Alkitab

”Bukaken atimu sak amba-ambané.”​—2 KORINTUS 6:13.

Apa artiné? ”Ati” isa dipadhakké karo perasaan lan rasa sayang. Nèk awaké dhéwé mung apikan karo wong-wong sing latar belakangé padha karo awaké dhéwé, kancané awaké dhéwé mung kuwi-kuwi thok. Dadi, awaké dhéwé kudu gelem kekancan karo wong-wong sing latar belakangé béda karo awaké dhéwé.

Manfaat Nèk Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Nèk awaké dhéwé ngupaya luwih kenal karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti apa sebabé dhèwèké béda. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ora mbédak-mbédakké wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa luwih ngajèni lan isa ngrasakké apa sing wong-wong kuwi rasakké.

Gatèkna conto saka Nazaré sing tau nduwé prasangka karo para imigran. Dhèwèké njelaské apa sing mbantu dhèwèké isa nyingkirké prasangka. Dhèwèké kandha, ”Merga aku kerja bareng karo para imigran, aku dadi ngerti nèk jebulé wong-wong kuwi béda banget karo apa sing dicritakké. Nèk njenengan gelem cedhak karo wong-wong sing béda latar belakangé, njenengan isa nyingkirké pikiran négatif karo wong-wong kuwi. Hasilé, njenengan isa ngajèni lan sayang karo wong-wong kuwi.”

Sing Isa Njenengan Tindakké

Golèka kesempatan kanggo omong-omongan karo wong sing béda basa, budaya, utawa bangsa. Terus, njenengan isa nindakké iki:

  • Ngejak ngobrol.

  • Ngejak mangan bareng.

  • Ngrungokké pengalamané.

Nèk njenengan ngerti pengalamané wong-wong kuwi, njenengan isa ngerti apa sebabé wong-wong kuwi nduwé sikap sing béda karo njenengan. Njenengan ya dadi nduwé pandangan sing apik soal wong-wong kuwi.