Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BalanceFormcreative/iStock via Getty Images Plus

Bèn Ora Kesepian Bantunen Wong Liya

Bèn Ora Kesepian Bantunen Wong Liya

 Akèh wong sak donya ngrasa kesepian lan kangèlan kanggo nduwé sahabat. Beberapa ahli keséhatan yakin nèk mbantu wong liya mesthi ora bakal terus-terusan ngrasa kesepian.

  •   ”Bèn uripé awaké dhéwé luwih bahagia lan ora ngrasa kesepian, awaké dhéwé isa berupaya kanggo mbantu wong liya sing butuh bantuan.”—Lembaga Kesehatan Nasional AS.

 Ana saran-saran ing Alkitab soal carané mbantu wong liya, nèk kuwi ditrapké awaké dhéwé ora bakal kesepian.

Saran-saran

 Apikan. Golèka kesempatan kanggo ketemu wong liya lan bergaul karo meréka. Njenengan ya isa ngekèki meréka sesuatu. Hasilé, meréka bakal ngrasakké nèk njenengan apikan lan mungkin isa dadi kanca akrabé njenengan.

  •   Ayat: ”Kowé kudu seneng mènèhi, lan kowé ya bakal diwènèhi.”—Lukas 6:38.

 Mbantu wong liya. Nèk ana sing lagi kesusahan lan butuh bantuan, awaké dhéwé isa inisiatif kanggo mbantu meréka. Kuwi termasuk sabar ngrungokké meréka wektu crita lan nawakké bantuan sing cocog karo kebutuhané meréka.

  •   Ayat: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”—Wulang Bebasan 17:17.

 Nèk péngin éntuk keterangan luwih akèh bèn hubungané karo wong liya dadi luwih apik, wacanen artikel sing judhulé ”Hubungan dengan Keluarga dan Teman”.