Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 9

Apa Aku Kudu Percaya Évolusi?

Apa Aku Kudu Percaya Évolusi?

NGAPA PENTING?

Nèk évolusi bener, urip ora nduwé tujuan sing langgeng. Nèk penciptaan bener, awaké dhéwé isa éntuk jawaban saka pitakonan bab urip saiki lan sukmbèn.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Alèx bingung. Dhèwèké percaya karo Gusti Allah lan penciptaan. Ning, guru biologiné nerangké nèk évolusi kuwi bener, merga didhukung karo penelitian ilmiah sing dipercaya. Alèx ora gelem dianggep bodho. Mula dhèwèké mikir, ’Nèk para ilmuwan waé wis mbuktèkké évolusi kuwi bener, aku iki sapa kok ora percaya kuwi?’

Nèk kowé dadi Alèx, apa kowé bakal percaya karo évolusi mung merga buku-buku wis kandha nèk kuwi bener?

PIKIREN DHISIK!

Wong sing percaya karo évolusi lan sing ora, biyasané mung langsung ngomongké pendhapaté tanpa ngerti apa alesané.

  • Ana wong sing percaya penciptaan mung merga kuwi diwulangké ing gréja.

  • Ana wong sing percaya évolusi mung merga kuwi diwulangké ing sekolah.

ENEM PITAKONAN KANGGO DIPIKIRKÉ

Alkitab kandha, ”Amarga saben omah digawé déning sawijining ahli gawé omah; ananging Ahli kang yasa [utawa, nggawé] samubarang kabèh iku Gusti Allah.” (Ibrani 3:4) Apa kuwi masuk akal?

Cara mikir sing kandha nèk urip ora ana Sing Nggawé kuwi ora masuk akal, padha kaya kandha nèk omah ora ana sing mbangun

JARÉNÉ: Jagat sak isiné kuwi hasil saka anané ledhakan sing gedhé.

1. Sapa utawa apa sing nyebabké ledhakan kuwi?

2. Endi sing luwih masuk akal: Jagat sak isiné ujug-ujug langsung ana utawa kabèh kuwi ana sing nggawé?

JARÉNÉ: Manungsa asalé saka kéwan.

3. Nèk manungsa asalé saka kéwan, contoné saka kethèk, apa sebabé otaké manungsa béda banget karo otaké kethèk?

4. Ngapa makhluk sing paling ”cilik” isa nduwé bagéan sing njlimet?

JARÉNÉ: Évolusi kuwi wis dibuktèkké.

5. Apa wong sing ngomong kaya ngono kuwi wis nggolèki dhéwé buktiné?

6. Sepira akèhé wong sing percaya évolusi mung merga dikandhani nèk para ilmuwan ya percaya évolusi?

”Nèk kowé lagi mlaku-mlaku nèng alas terus ngerti ana omah sing apik banget, apa kowé bakal mikir, ’Wah apik banget, omah iki mesthi saka wit-witan sing ambruk terus ujug-ujug dadi omah sing apik.’ Mesthiné ora, ta? Kuwi ora masuk akal. Dadi, ngapa awaké dhéwé kudu percaya nèk jagat sak isiné ujug-ujug ana dhewé?”—Julia.

”Bayangna, kowé dikandhani nèk ana ledhakan nèng percétakan, terus tintané nyiprat nèng témbok lan plafon terus ujug-ujug dadi kamus lengkap. Apa kowé bakal percaya?”—Gwen.

NGAPA PERCAYA GUSTI ALLAH?

Alkitab kandha nèk kowé kudu nggunakké nalarmu. (Rum 12:1) Kuwi tegesé kowé percaya Gusti Allah ora mung merga mèlu-mèlu.

  • PERASAAN (Aku ngrasa ana kuwasa sing luwih gedhé)

  • PENGARUH WONG LIYA (Kabèh wong ing dhaérahku nduwé agama)

  • DIPEKSA (Wong tuwaku mulang bèn percaya karo Gusti Allah, aku ora nduwé pilihan liya)

Ning, kowé kudu nduwé alesan sing kuwat kanggo keyakinanmu.

”Wektu aku diwulang bab cara kerjané awaké manungsa, aku yakin nèk Gusti Allah pancèn ana. Saben bagéan ing awaké manungsa nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, saka sing cilik banget nganti sing gedhé. Lan fungsi kuwi biyasané kerja tanpa awaké dhéwé sadhari. Awaké manungsa bener-bener nggumunké.”—Teresa.

”Wektu aku ndelok gedhung sing dhuwur banget, kapal pesiar, utawa mobil, aku mikir, ’Sapa sing nggawé kuwi?’ Kaya mobil, mesthiné digawé karo wong sing pinter, merga akèh bagéan cilik-cilik sing fungsiné kudu mlaku bareng bèn mobilé isa dinggo. Nèk mobil waé ana sing nggawé, apa manèh manungsa.”—Richard.

”Saya akèh aku sinau bab ilmu pengetahuan, ajaran évolusi saya ora masuk akal. . . . Menurutku, dibutuhké ’iman’ sing luwih gedhé kanggo percaya ajaran évolusi timbang percaya karo Gusti Allah.”—Anthony.

PIKIRNA IKI

Senajan puluhan taun nganakké penelitian, para ilmuwan nganti saiki durung éntuk penjelasan sing padha bab évolusi. Nèk para ilmuwan waé ora kabèh setuju bab évolusi, padhahal wong-wong kuwi ahliné, apa salah nèk kowé uga ora setuju karo évolusi?