1 Korintus 11:1-34

  • ”Tirunen aku” (1)

  • Soal wewenang lan soal kudhung (2-16)

  • Perjamuan Dalu Gusti (17-34)

11  Tirunen aku, kaya aku niru Kristus.+  Aku ngalem kowé merga kowé éling karo aku lan terus manut karo petunjuk* sing tak wènèhké marang kowé.  Ning, aku péngin kowé ngerti nèk kepalané saben wong lanang kuwi Kristus,+ kepalané saben wong wédok kuwi wong lanang,+ lan kepalané Kristus kuwi Gusti Allah.+  Nèk wong lanang ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa wektu martakké berita saka Gusti Allah, dhèwèké nggawé isin kepalané.  Nèk wong wédok ora ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa wektu martakké berita+ saka Gusti Allah, dhèwèké nggawé isin kepalané, merga padha waé dhèwèké kaya wong wédok sing rambuté dicukur entèk.  Nèk wong wédok ora ngudhungi sirahé, mendhing rambuté dikethok. Ning, nèk dhèwèké isin rambuté dikethok utawa dicukur entèk, dhèwèké kudu ngudhungi sirahé.  Wong lanang ora éntuk ngudhungi sirahé, merga wong lanang diciptakké mirip karo Gusti Allah+ lan nggawé Gusti Allah dimulyakké. Ning, wong wédok nggawé wong lanang dimulyakké.  Gusti Allah ora nyiptakké wong lanang saka badané wong wédok, ning Gusti Allah nyiptakké wong wédok saka badané wong lanang.+  Gusti Allah ora nyiptakké wong lanang kanggo kepentingané wong wédok, ning Gusti Allah nyiptakké wong wédok kanggo kepentingané wong lanang.+ 10  Kuwi sebabé demi para malaékat,+ wong wédok kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané. 11  Ing jemaaté Gusti, wong wédok mbutuhké wong lanang, lan wong lanang mbutuhké wong wédok. 12  Wong wédok digawé saka badané wong lanang,+ lan wong lanang lair saka wong wédok, ning kabèh asalé saka Gusti Allah.+ 13  Putusna dhéwé: Apa pantes nèk wong wédok sing ndonga marang Gusti Allah ora ngudhungi sirahé? 14  Ora wajar nèk wong lanang rambuté dawa, merga kuwi bakal ngrendhahké dhèwèké dhéwé. 15  Tapi, nèk wong wédok rambuté dawa, kuwi malah nggawé dhèwèké diajèni, ta? Wong wédok diwènèhi rambut dawa kanggo ngudhungi sirahé. 16  Nèk ana sing ora setuju lan péngin nindakké kebiasaan liya, kowé kudu ngandhani wong kuwi nèk awaké dhéwé lan jemaaté Gusti ora nduwé kebiasaan liya. 17  Wektu aku mènèhi petunjuk iki, aku ora ngalem kowé, merga nèk kowé ngumpul kuwi ora ana manfaaté. Kuwi malah berbahaya kanggo kowé. 18  Aku krungu nèk pas kowé ngumpul ing jemaat, kowé misah-misah lan nggawé kelompok-kelompok dhéwé. Aku percaya nèk kabar kuwi bener. 19  Ing antaramu mesthi ya bakal ana sèkte-sèkte.+ Dadi, bakal kétok jelas sapa ing antaramu sing disenengi Gusti Allah. 20  Pas ngumpul bareng lan mangan bengi kanggo ngéling-éling Gusti,*+ kowé ora nindakké kuwi nganggo cara sing bener. 21  Pas kowé nindakké kuwi, ing antaramu ana wong-wong sing wis mangan kuwi sakdurungé mulai. Mula, ana sing ngelih,* lan ana sing mendem. 22  Apa kowé ora nduwé omah? Apa kowé ora isa mangan lan ngombé ing omahmu dhéwé? Apa kowé ngrèmèhké jemaaté Gusti Allah lan péngin nggawé isin wong sing mlarat? Aku kudu ngomong apa karo kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Aku ora bakal ngalem kowé. 23  Sing tak wulangké marang kowé kuwi ya sing diwulangké Gusti marang aku. Bengi+ sakdurungé dikhianati, Gusti Yésus njupuk roti. 24  Sakwisé ngucap syukur, dhèwèké nyuwil-nyuwil roti kuwi lan kandha, ”Iki nglambangké badanku+ sing tak pasrahké kanggo kowé. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”+ 25  Sakwisé mangan, dhèwèké njupuk gelas+ kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku.+ Terus tindakna iki. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.”+ 26  Mula, saben kowé mangan roti iki lan ngombé saka gelas iki, kowé martakké kematiané Gusti nganti dhèwèké teka. 27  Kuwi sebabé nèk ana wong sing mangan roti kuwi lan ngombé saka gelasé Gusti padahal dhèwèké ora pantes mangan lan ngombé kuwi, dhèwèké bakal dianggep salah merga ora ngajèni badan lan getihé Gusti. 28  Wong kudu mastèkké sik apa dhèwèké pantes mangan lan ngombé kuwi,+ bar kuwi dhèwèké lagi éntuk mangan roti lan ngombé saka gelas kuwi. 29  Nèk ana sing mangan lan ngombé, tapi ora ngerti apa sing dilambangké karo badan kuwi, wong kuwi nggawé dhèwèké dhéwé dihukum. 30  Kuwi sebabé akèh wong ing antaramu sing lemah, lara, lan mati.*+ 31  Tapi, nèk awaké dhéwé mastèkké sik pantes mangan lan ngombé apa ora, awaké dhéwé ora bakal diadili. 32  Ning, nèk awaké dhéwé diadili, awaké dhéwé dihukum karo Yéhuwah,*+ bèn awaké dhéwé ora dihukum bareng karo donya iki.+ 33  Mula, sedulur-sedulur, wektu kowé ngumpul arep mangan kuwi, kowé kudu ngentèni nganti kabèh wis teka. 34  Nèk kowé ngelih,* kowé kudu mangan sik ing omah. Dadi pas lagi ngumpul, kowé ora nyebabké awakmu dhéwé dihukum.+ Masalah liyané bakal tak urus pas aku tekan ing kana.

Katrangan Tambahan

Utawa ”tradhisi”.
Lit.: ”mangan ing Perjamuan Dalu Gusti”.
Utawa ”luwé”.
Iki maksudé dudu mati tenanan, tapi maksudé ora nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”luwé”.