Langsung mlebu

Apa Kandhané Alkitab soal Perpuluhan?

Apa Kandhané Alkitab soal Perpuluhan?

Jawabané Alkitab

Mbiyèn, wong Israèl dipréntahké kanggo mènèhké perpuluhan, a yaiku sepersepuluh penghasilané saksuwéné setaun. Iki cara sing isa ditindakké kanggo ndhukung ibadah marang Gusti Allah. Gusti Allah mréntahké, ”Sakèhé pametuné winih kang thukul ana ing pategalanmu saben taun ajeg pisungsungna saprasepuluh”.​—Pangandharing Torèt 14:22.

Préntah kanggo mènèhké perpuluhan kuwi bagéan saka Hukum Musa, sing diwènèhké Gusti Allah kanggo bangsa Israèl jaman mbiyèn. Saiki, wong Kristen ora kudu manut Hukum Musa. Dadi, ora perlu mènèhké perpuluhan. (Kolose 2:13, 14) Ning, kabèh wong Kristen isa nyumbang ”miturut apa sing wis diputuské ing njero atiné, ora kanthi nggrundel utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing mènèhi kanthi bungah”.​—2 Korintus 9:7.

 Perpuluhan ing Alkitab Perjanjian Lawas

Ing Perjanjian Lawas, perpuluhan disebutké beberapa kali. Akèh-akèhé disebutké sakwisé Hukum Musa diwènèhké kanggo bangsa Israèl. Ning ya ana perpuluhan sing disebutké sakdurungé ana Hukum Musa.

Sakdurungé ana Hukum Musa

Ing Alkitab, wong pertama sing mènèhké perpuluhan kuwi Abram (Abraham). (Purwaning Dumadi 14:18-20; Ibrani 7:4) Dhèwèké mung tau mènèhké perpuluhan ping pisan, yaiku kanggo raja sing ya dadi imam ing kutha Salèm. Bar kuwi, ora ana katrangan nèk Abraham utawa anak-anaké tau mènèhké perpuluhan manèh.

Wong keloro sing disebutké tau mènèhké perpuluhan kuwi Yakub, putuné Abraham. Dhèwèké janji nèk Gusti Allah mberkahi dhèwèké, ”saprasepuluhé apa waé” sing dhèwèké duwèni bakal diwènèhké marang Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 28:20-22, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Beberapa pakar Alkitab kandha nèk Yakub mungkin ngorbanké kéwan kanggo perpuluhan. Yakub netepi janjiné, ning dhèwèké ora ngongkon keluargané kanggo mènèhké perpuluhan.

Sakwisé ana Hukum Musa

Wong Israèl jaman mbiyèn dipréntahké mènèhké perpuluhan kanggo ndhukung kegiatan ibadahé.

  • Perpuluhan diwènèhké kanggo wong-wong Lèwi, termasuk kanggo para imam, merga uripé wong-wong kuwi dienggo ngurusi perkara-perkara sing ana hubungané karo ibadah, lan wong-wong kuwi ora nduwé tanah sing isa digarap. (Wilangan 18:20, 21) Wong-wong Lèwi sing dudu imam kudu nyumbangké kanggo para imam sepersepuluh saka perpuluhan sing dhèwèké tampa, lan kuwi kudu sing paling apik.​—Wilangan 18:26-29.

  • Kétoké, ana perpuluhan liyané sing dikumpulké saben taun, lan manfaaté ora mung kanggo wong Lèwi, ning kanggo kabèh bangsa Israèl. (Pangandharing Torèt 14:22, 23) Wong-wong Israèl nggunakké perpuluhan kuwi wektu ana perayaan-perayaan istiméwa. Terus, ing taun-taun tertentu, perpuluhan kuwi ya diwènèhké kanggo wong-wong sing mlarat.​—Pangandharing Torèt 14:28, 29; 26:12.

Piyé carané ngétung perpuluhan? Wong Israèl nyisihké sepersepuluh saka hasil panèné saben taun. (Kaimaman 27:30) Nèk wong-wong kuwi luwih seneng mènèhké dhuwit ketimbang hasil panèn, nilainé kudu padha, terus ditambah seperlimané. (Kaimaman 27:31) Wong-wong kuwi ya kudu mènèhké ”prasepuluhan saka sapi lan wedhus”.​—Kaimaman 27:32.

Wong Israèl sing arep mènèhké kéwan kanggo perpuluhan, kudu mènèhké kéwan kesepuluh sing metu saka kandhang. Nurut Hukum Musa, kéwané ora éntuk dipilihi, diijolké karo kéwan liya, utawa diijolké karo dhuwit. (Kaimaman 27:32, 33) Ning, perpuluhan sing diwènèhké kanggo perayaan éntuk diijolké karo dhuwit. Dadi, wong Israèl sing omahé adoh ora perlu angèl-angèl nggawa kéwané ing perayaan kuwi.​—Pangandharing Torèt 14:25, 26.

Kapan wong-wong Israèl mènèhi perpuluhan? Wong-wong Israèl mènèhké perpuluhan saben taun. (Pangandharing Torèt 14:22) Ning, saben pitung taun yaiku wektu taun sabat wong-wong Israèl ora perlu mènèhké perpuluhan. Taun sabat kuwi taun istirahat lan wong-wong Israèl ora éntuk nandur apa-apa. (Kaimaman 25:4, 5) Dadi, ing taun kuwi wong-wong Israèl ora mènèhké perpuluhan saka hasil panèné. Saben taun ketelu lan taun keenem saksuwéné pitung taun, wong-wong Israèl ya mènèhké perpuluhan kanggo wong mlarat lan wong Lèwi.​—Pangandharing Torèt 14:28, 29.

Apa hukumané nèk ora mènèhké perpuluhan? Hukum Musa ora nyebutké hukumané. Wong-wong Israèl mènèhké perpuluhan ora merga wedi dihukum. Nèk wis mènèhké perpuluhan, wong-wong kuwi bakal ngomong karo Gusti Allah lan njaluk bèn diberkahi. (Pangandharing Torèt 26:12-15) Nèk ora mènèhké perpuluhan, dhèwèké bakal dianggep nyolong duwèké Gusti Allah.​—Maléakhi 3:8, 9.

Apa perpuluhan kuwi beban? Ora. Gusti Allah janji nèk wong-wong kuwi mènèhké perpuluhan, Gusti Allah bakal mènèhi berkah sing akèh banget lan wong-wong kuwi ora bakal kekurangan. (Maléakhi 3:10) Ning, nèk wong-wong kuwi ora mènèhké perpuluhan Gusti Allah ora bakal mènèhi berkah lan kabèh bangsa bakal ngalami kesusahan. Sakliyané kuwi, merga ora nampa perpuluhan para imam lan wong-wong Lèwi dadi kudu kerja lan ora isa mbantu wong-wong Israèl kanggo ngibadah.​—Néhémya 13:10; Maléakhi 3:7.

 Perpuluhan ing Alkitab Perjanjian Anyar

Wektu Yésus isih ing bumi, umaté Gusti Allah isih kudu mènèhké perpuluhan. Ning sakwisé Yésus mati, wong-wong ora perlu mènèhké perpuluhan manèh.

Ing Jamané Yésus

Saka perjanjian anyar, awaké dhéwé ngerti nèk ing jamané Yésus wong-wong Israèl isih tetep mènèhké perpuluhan. Yésus ngakoni nèk wong-wong isih kudu mènèhké perpuluhan. Senajan ngono, Yésus ora seneng karo para pemimpin agama sing seneng mènèhké perpuluhan nganti rincian-rincian sing paling cilik ning ”nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan”.​—Matius 23:23.

Sakwisé Yésus mati

Sakwisé Yésus mati, awaké dhéwé wis ora perlu mènèhké perpuluhan. Préntah kanggo ”nglumpukké persepuluhan” kuwi bagéan saka hukum Musa lan hukum kuwi wis ora berlaku manèh sakwisé Yésus mati dadi korban tebusan.​—Ibrani 7:5, 18; Éfésus 2:13-15; Kolose 2:13, 14.

a Perpuluhan yaiku ”sepersepuluh saka penghasilan saksuwéné setaun sing disisihké kanggo ndhukung kegiatan agama”.​—Kamus Alkitab W.R.F. Browning, halaman 353.