Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Pengaruhé Pegatan kanggo Anak-Anak

Pengaruhé Pegatan kanggo Anak-Anak

 Ana beberapa suami istri sing hubungané ora apik luwih milih kanggo pegatan ketimbang anak-anaké ndelok wong tuwané kerep padu. Ning, apa pilihan kuwi bener?

 Apa pengaruhé pegatan kanggo anak-anak?

 Penelitian nduduhké nèk pegatan kuwi pengaruhé ora apik kanggo anak. Anak-anak sing wong tuwané pegatan biasané dadi:

  •   gampang nesu, kuwatir, lan strès

  •   nduwé sikap sing èlèk

  •   ora gelem sinau utawa ora gelem sekolah

  •   gampang lara

 Sakliyané kuwi, anak-anak dadi ngrasa nèk dhèwèké sing nyebabké wong tuwané pegatan lan mikir nèk kuduné dhèwèké isa nyegah wong tuwané bèn ora pegatan.

 Anak-anak sing wong tuwané pegatan isa ngrasakké pengaruhé nganti dhèwèké gedhé. Anak kuwi dadi ngrasa ora guna lan angèl percaya karo wong liya. Wektu ngadhepi masalah keluarga, anak kuwi ya dadi luwih gampang kanggo pegatan merga nyonto wong tuwané.

 Intiné: Ana wong-wong sing ngrasa nèk pegatan kuwi bakal luwih apik kanggo anak-anak. Ning, penelitian ora setuju karo pendapat kuwi. Pakar pola asuh sing jenengé Penelope Leach nulis, ”Pegatan nggawé anak dadi susah.” a

 Pathokané Alkitab: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:4.

 Apa anakku bakal luwih bahagia nèk aku pegatan?

 Ana sing mikir jawabané iya. Ning, wong tuwa kudu ngerti nèk kebutuhané wong tuwa lan anak kuwi béda. Wong tuwa ngrasa nèk pegatan isa nggawé uripé luwih bahagia. Padahal anak-anak péngin isa terus bebarengan karo wong tuwané.

 Sakwisé nliti éwonan kasus pegatan, penulis buku The Unexpected Legacy of Divorce nulis, ”Anak-anak dadi ora bahagia wektu wong tuwané pegatan. Malah, ana anak sing kandha, ’Aku ngrasa uripku hancur wektu wong tuwaku pegatan.’” Buku kuwi ya kandha nèk anak-anak dadi ngrasa donya iki ”panggonan sing ora aman merga wong tuwané ora isa nggawé dhèwèké ngrasa aman”.

 Intiné: Anak-anak ora bahagia sakwisé wong tuwané pegatan.

 Pathokané Alkitab: ”Ilanging semangat iku ngroposaké balung.”​—Wulang Bebasan 17:22.

 Apa sing kudu dingertèni wong tuwa soal nggedhèkké anak bareng-bareng sakwisé pegatan?

 Ana beberapa wong tuwa sing pegatan mutuské kanggo nggedhèkké anak bareng-bareng kaya wektu isih dadi suami istri. Ning, penelitian nduduhké nèk pasangan sing wis pegatan kerep-kerepé:

  •   ora nduwé akèh wektu kanggo anaké

  •   ndhidhik anak nganggo cara sing béda

  •   ngejarké anaké nindakké apa waé merga wong tuwané ngrasa bersalah

 Anak-anak sing wong tuwané pegatan ya dadi angèl kanggo manut karo wong tuwané. Anak-anak mungkin mikir nèk wong tuwané ora isa njaga janji perkawinané, kenapa dhèwèké kudu manut karo wong tuwané?

 Intiné: Nggedhèkké anak bareng-bareng sakwisé pegatan kuwi angèl. Ning, kanggo anak-anak keadaan kuwi luwih angèl manèh.

 Pathokané Alkitab: ”Aja marahi nesu anak-anakmu, supaya anak-anakmu ora cilik ati.”​—Kolose 3:21, cathetan ngisor.

 Apa ana cara liya sing luwih apik?

 Bahagia lan semangat manèh sakwisé pegatan kuwi ora gampang. Sakjané, luwih apik nèk suami istri ngupaya tenanan bèn ora pegatan. Buku The Case for Marriage nulis, ”Senajan ngadhepi akèh masalah ing perkawinan, masalah kuwi tetep isa dirampungké. Pasangan-pasangan sing tetep ngupaya kanggo ora pegatan bakal luwih bahagia. Kuwi kabèh mung butuh wektu.” Anak-anak bakal luwih bahagia nèk wong tuwané ora pegatan.

 Ning, kuwi ora berarti suami istri ora éntuk pegatan. Alkitab ngijinké pegatan nèk dhasaré laku jina. (Matius 19:9) Alkitab ya kandha, ”wong kang wicaksana iku nggatèkké lakuné.” (Wulang Bebasan 14:15) Suami istri sing mikir kanggo pegatan kudu mikirké manèh akibat saka keputusané. Kuwi termasuk mikirké pengaruhé kanggo anak-anak.

 Suami istri kudu ngupaya tenanan kanggo ngrampungké masalahé. Alkitab mènèhi naséhat sing isa mbantu suami istri nduwé sipat-sipat sing dibutuhké wektu ngadhepi masalah bèn perkawinané isa bahagia. Awaké dhéwé isa percaya kuwi merga Alkitab asalé saka Yéhuwah, sing nggawé perkawinan.​—Matius 19:4-6.

 Pathokané Alkitab: ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi.”​—Yésaya 48:17.

a Saka buku Your Growing Child—From Babyhood Through Adolescence.