Langsung mlebu

APA IKI DIRANCANG?

Lendiré Siput Telanjang Isa Dadi Lém sing Kuwat

Lendiré Siput Telanjang Isa Dadi Lém sing Kuwat

 Kèt mbiyèn, para ahli bedah mbutuhké lém sing isa digunakké wektu operasi lan kanggo nambani luka. Lém-lém sing biasa digunakké para dokter saiki ora isa digunakké ing njero badané manungsa. Kuwi isa dadi racun, nggawé bagéan sing dilém dadi kaku, lan ora isa ngelém bagéan sing ora garing. Ning, wektu nliti soal lendiré siput telanjang, a para ilmuwan akhiré isa nemokké lém sing isa digunakké ing njero badan.

 Pikirna: Wektu ngrasa terancam, siput telanjang ngetokké lendir sing isa nggawé dhèwèké nemplèk ing godhong sing teles, ning dhèwèké tetep isa obah. Nganggo cara kuwi, siput telanjang isa nglindhungi diri.

 Para peneliti nliti soal lendiré siput telanjang lan akhiré ngerti apa sing nyebabké lendiré siput kuwi isa dadi lém alami sing kuwat. Contoné, lendir kuwi nduwé ikatan kimia lan daya tarik elektrostatik. Lendir kuwi ngresep ing permukaan sing diliwati siput kuwi, lan wektu kena tekanan, lendir kuwi isa tetep lentur. Para peneliti berhasil nggawé lém sing mirip karo lendiré siput telanjang. Lém kuwi luwih kuwat ketimbang lém-lém sing wis biasa dienggo karo para dokter lan isa ngelém organ tubuh. Lém kuwi isa ngelém ”organ tubuh kaya tulang rawan sing nèmplèk ing balung”.

 Para ahli yakin nèk lém iki isa dienggo para ahli bedah wektu operasi kanggo nggantèni jaitan lan stèples. Lém kuwi ya isa dienggo kanggo ngelém tulang rawan utawa kanggo nèmplèkké alat keséhatan ing bagéan tubuh. Lém kuwi wis kebukti isa nutup lubang ing jantung babi lan isa nambal lubang ing atiné tikus.

 Wektu sinau saka alam, para ilmuwan kerep nemokké cara sing apik kanggo ngatasi masalah. Dirèktur saka lembaga sing nggawé lém sintètis, Donald Ingber, ngomong, ”Awaké dhéwé kudu sinau saka apa sing awaké dhéwé delok merga kuwi mesthi ana manfaaté.”

 Piyé nurut njenengan? Apa lendiré siput telanjang kuwi ana merga hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?

a Jeneng ilmiahé yaiku Arion subfuscus.